Langsung mlebu

”Martakké Kabar Apik”

Pertemuan Gabungan Wilayah Seksi-Seksi Yéhuwah 2024

Ora perlu mbayar

Intiné Acara

Jumat: Gatèkna buktiné nèk kisah pelayanané Yésus sing dicathet ing Injil isa dipercaya, lan gatèkna manfaaté nèk sinau kitab-kitab kuwi.

Setu: Ing Alkitab, ana ramalan soal kelahirané Yésus lan apa sing bakal kelakon pas Yésus cilik. Apa kuwi bener-bener dadi kenyataan?

Minggu: Ing ceramah Alkitab sing judhulé ”Ora Perlu Wedi karo Kabar sing Èlèk” bakal dijelaské kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi utawa kuwatir meskipun keadaan donya saya semrawut.

Vidéo Drama

Kisah Pelayanané Yésus: Episode 1

Cahaya sing Sejati Teka ing Donya

Kelahirané Yésus kuwi mukjijat sing hébat banget. Tapi pas isih bayi, Yésus kudu digawa mlayu ing Mesir karo wong tuwané merga arep dipatèni karo raja sing jahat. Terus pas umur 12 taun, Yésus isa nggawé guru-guru agama kagum karo dhèwèké. Kabèh kuwi isa ditonton ing vidéo drama dina Jumat lan Setu.

Deloken vidéo-vidéo soal pertemuan gabungan wilayah taun iki

Pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?

Deloken kaya apa acara pertemuan gabungan wilayahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

Pertemuan Gabungan Wilayah Seksi-Seksi Yéhuwah 2024: ”Martakké Kabar Apik”

Gatèkna kenapa awaké dhéwé butuh kabar apik.

Cuplikan Vidéo Drama: Kisah Pelayanané Yésus

Akèh wong ngerti soal kisah kelahirané Yésus. Tapi sakjané ana peristiwa-peristiwa penting liyané sing kelakon sakdurungé lan sakwisé Yésus lair. Apa waé kuwi?