Langsung mlebu

AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Purwaning Dumadi 1:1​—”Awalé, Gusti Allah Nyiptakké Langit lan Bumi”

Purwaning Dumadi 1:1​—”Awalé, Gusti Allah Nyiptakké Langit lan Bumi”

 ”Awalé, Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”​—Purwaning Dumadi 1:1, Terjemahan Dunia Baru.

 ”Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi.”​—Purwaning Dumadi 1:1, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Purwaning Dumadi 1:1

 Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa sinau rong wulangan penting. Sing pertama, ”langit lan bumi”, utawa alam semesta, kuwi ana awalé. Keloro, alam semesta kuwi diciptakké karo Gusti Allah.​—Wahyu 4:11.

 Alkitab ora mènèhi katrangan soal piyé carané lan sepira suwéné Gusti Allah nyiptakké alam semesta iki. Ning, Alkitab njelaské nèk Gusti Allah isa nyiptakké alam semesta merga Dhèwèké ”Mahakwaos lan Maha-santosa”.​—Yésaya 40:26.

 Kata ”nyiptakké” kuwi diterjemahké saka kata kerja basa Ibrani. Kata kerja kuwi mung digunakké kanggo nggambarké kegiatan sing ditindakké Gusti Allah. a Ing Alkitab, mung Yéhuwah b sing disebut Pencipta.​—Yésaya 42:5; 45:18.

Latar Belakangé Purwaning Dumadi 1:1

 Ayat iki dadi ayat pertama sing nyritakké soal penciptaan sing dicathet ing bab 1 lan 2 buku Purwaning Dumadi. Ing Purwaning Dumadi 1:1 nganti 2:4, Alkitab nduduhké piyé carané Gusti Allah nyiptakké bumi lan kabèh sing urip ing kono, klebu pasangan manungsa pertama. Ing ayat-ayat berikuté, Alkitab mènèhi katrangan luwih akèh soal penciptaané manungsa.​—Purwaning Dumadi 2:7-25.

 Buku Purwaning Dumadi nyebutké soal penciptaan sing ditindakké Gusti Allah saksuwéné nem ”dina”. Sedina ing buku kuwi dawané dudu 24 jam. Ning, awaké dhéwé ya ora isa ngerti sepira dawané. Mula, kata ”dina” ing buku kuwi dawané ora mesthi 24 jam. Kaya sing ditulis ing Purwaning Dumadi 2:4, kata ”dina” nduwé arti sing padha karo kata ”wektu”. Kata kuwi digunakké kanggo nyebut nem dina penciptaan dadi sedina.

Pandhangan sing Klèru soal Purwaning Dumadi 1:1

 Pandhangan sing Klèru: Alam semesta mulai diciptakké karo Gusti Allah éwonan taun kepungkur.

 Sing Bener: Alkitab ora nyebutké kapan alam semesta diciptakké. Ning, katrangan ing Purwaning Dumadi 1:1 kuwi cocog karo pendapaté para ilmuwan nèk umuré alam semesta kuwi milyaran taun. c

 Pandhangan sing Klèru: Purwaning Dumadi 1:1 nyebutké soal ajaran Tritunggal merga kata Ibrani sing digunakké kanggo kata ”Gusti Allah” kuwi jamak.

 Sing Bener: Kata ”Gusti Allah” sing diterjemahké saka kata Ibrani ’Elo·himʹ kuwi jamak. Kata kuwi digunakké kanggo nduduhké kamulyan utawa kekuasaané Gusti Allah, dudu jumlah wong. New Catholic Enyclopedia nyebutké nèk kata jamak ’Elo·himʹ sing digunakké ing Purwaning Dumadi 1:1 ”kuwi mesthi kata kerja tunggal, lan kuwi nduduhké nèk sing jamak kuwi kamulyané, dudu wongé”.​—Second Edition, Volume 6, halaman 272.

Wacanen Purwaning Dumadi 1 karo cathetan ngisor lan réferènsi silangé.

a Soal kata kuwi, HCSB Study Bible kandha, ”Kata kerja saka basa Ibrani bara’, sing artiné ‘nyiptakké,’ ora tau digunakké kanggo nggambarké kegiatané manungsa. Mula, kata bara’ kuwi mung digunakké kanggo kegiatan sing ditindakké karo Gusti Allah.”​—Halaman 7.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Jabur 83:19.

c Soal kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”awalé”, buku The Expositor’s Bible Commentary kandha, ”Sepira dawané wektu sing dimaksud saka kata kuwi ora isa dijelaské.”​—Revised Edition, Volume I, halaman 51.