Langsung mlebu

Apa Kudu Ndonga karo Santo?

Apa Kudu Ndonga karo Santo?

Jawaban ing Alkitab

 Ora. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ndonga karo Gusti Allah nganggo jenengé Yésus. Yésus ngandhani muridé, ”Kowé kudu ndonga kaya ngéné: ’Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.’” (Matius 6:9) Dhèwèké ora tau ngongkon muridé ndonga karo santo, malaékat, utawa liyané.

 Yésus ya ngomong, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana wong sing isa marani Bapak nèk ora liwat aku.” (Yohanes 14:6) Mung Yésus sing isa nggawé awaké dhéwé cedhak karo Gusti Allah.—Ibrani 7:25.

Apa éntuk ndonga karo Gusti Allah tapi ya ndonga karo santo?

 Wektu digodha Sétan, Yésus ngomong, ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.” (Matius 4:10) Gusti Allah ngongkon awaké dhéwé ndonga lan ngibadah mung karo Dhèwèké.—Yésaya 48:11.

 Gusti Allah nesu nèk awaké dhéwé ndonga karo santo, malaékat, utawa liyané. Pas Rasul Yohanes arep nyembah malaékat, malaékaté ngomong, ”Aja. Aku aja mbok sembah. Sembahen Gusti Allah. Aku iki ya mung budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu sing nduwé tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus.”—Wahyu 19:10.