Langsung mlebu

Apa Kandhané Alkitab soal Pandemi?

Apa Kandhané Alkitab soal Pandemi?

Jawabané Alkitab

Alkitab kandha nèk ing dina-dina pungkasan bakal ana wabah penyakit. (Lukas 21:11) Wabah penyakit kuwi dudu hukuman saka Gusti Allah. Malah, liwat Kratoné, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh penyakit.

 Apa pandemi wis diramalké Alkitab?

Alkitab ora nyebutké wabah utawa penyakit apa sing bakal muncul, misalé COVID-19, AIDS, utawa flu Spanyol. Ning, Alkitab ngramalké nèk bakal ana ”wabah penyakit” lan ”penyakit sing isa nyebabké pati”. (Lukas 21:11; Wahyu 6:8) Wabah kuwi dadi salah siji tandha nèk awaké dhéwé urip ing ”dina-dina pungkasan” sing ya disebut ”pungkasané jaman iki”.​—2 Timotius 3:1; Matius 24:3.

 Apa Gusti Allah tau ngukum wong nganggo penyakit?

Ya. Alkitab kandha nèk mbiyèn ana wong-wong sing kena penyakit merga dihukum Gusti Allah. Contoné, ana wong-wong sing kena penyakit kusta. (Wilangan 12:1-16; 2 Para Raja 5:20-27; 2 Babad 26:16-21) Ning, hukuman kuwi mung dialami karo wong-wong sing ora manut karo Gusti Allah. Kuwi béda karo pandemi sing dampaké dirasakké kabèh wong.

 Apa pandemi sing saiki kuwi hukuman saka Gusti Allah?

Ora. Ana wong-wong sing ngomong nèk pandemi lan penyakit sing ana saiki kuwi hukuman saka Gusti Allah. Ning, Alkitab ora kandha kaya ngono. Apa sebabé?

Kèt mbiyèn nganti saiki umaté Gusti Allah ya isa kena penyakit. Contoné Timotius, dhèwèké kuwi ”kerep lara”. (1 Timotius 5:23) Ning, Alkitab ora kandha nèk kuwi hukuman saka Gusti Allah. Umaté Gusti Allah saiki ya isa lara. Biasané merga wong-wong kuwi ana ing panggonan lan wektu sing ora disangka-sangka.​—Kohèlèt 9:11.

Sakliyané kuwi, Alkitab kandha nèk saiki Gusti Allah durung ngukum wong jahat. Awaké dhéwé saiki urip ing ”dina keslametan” yaiku wektuné Gusti Allah ngundang wong-wong bèn isa cedhak lan akhiré dislametké. (2 Korintus 6:2) Salah siji carané yaiku liwat gawéan nginjil kanggo martakké ”kabar apik bab Kraton” kanggo kabèh wong.​—Matius 24:14.

 Apa pandemi bakal ora ana manèh?

Ya. Alkitab kandha nèk sedhéla manèh Kratoné Gusti Allah bakal mréntah bumi. Wektu kuwi kelakon ora bakal ana wong sing lara. (Yésaya 33:24; 35:5, 6) Gusti Allah bakal ngilangi kesusahan lan kematian. (Wahyu 21:4) Gusti Allah ya bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati. Wong-wong kuwi bakal urip sampurna ing bumi.​—Jabur 37:29; Kisah 24:15.

 Ayat-ayat Alkitab sing njelaské soal penyakit

Matius 4:23: ”Yésus lunga menyang kabèh dhaérah ing Galiléa, mulang ing sinagogé-sinagogé, lan martakké kabar apik bab Kratoné Allah, uga marèkké kabèh penyakit lan kabèh masalah keséhatan.”

Artiné: Mukjijat-mukjijaté Yésus nduduhké apa sing bakal ditindakké Kratoné Gusti Allah kanggo kabèh wong.

Lukas 21:11: ”Bakal ana . . . wabah penyakit.”

Artiné: Wabah penyakit termasuk tandha dina-dina pungkasan.

Wahyu 6:8: ”Banjur aku ndelok sawijiné jaran pucet, sing nunggang jenengé Pati. Lan Kuburan ngetutké dhèwèké saka cedhaké. Pati lan Kuburan kuwi diwènèhi wewenang . . . kanggo matèni nganggo . . . penyakit sing isa nyebabké pati.”

Artiné: Ramalan soal sing nunggang jaran papat nduduhké nèk bakal ana pandemi ing jaman saiki.