Langsung mlebu

Mikhaèl Pemimpiné Para Malaékat Kuwi Sapa?

Mikhaèl Pemimpiné Para Malaékat Kuwi Sapa?

Jawaban ing Alkitab

 Mikhaèl, utawa ing beberapa agama disebut ”Santo Mikhaèl”, kuwi jenengé Yésus sakdurungé lan sakwisé dhèwèké urip ing bumi. a Mikhaèl padu karo Iblis soal mayaté Musa lan mbantu malaékat nyampèkké omongané Gusti Allah kanggo nabi Danièl. (Danièl 10:13, 21; Yudas 9) Mikhaèl ya mbéla pamréntahané Gusti Allah lan perang nglawan mungsuh-mungsuhé Gusti Allah. Kuwi cocog karo jeneng Mikhaèl sing artiné ”Sapa sing Kaya Gusti Allah?”.​—Danièl 12:1; Wahyu 12:7.

 Ayo dibahas beberapa bukti sing nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yésus kuwi Mikhaèl.

  •   Mikhaèl kuwi ’pemimpin malaékat’. (Yudas 9) Ing Alkitab, istilah ”pemimpin malaékat” mung disebutké ping loro. Pas nyebutké istilah kuwi, sing dimaksud mung malaékat siji dudu beberapa malaékat. Misalé, ing Alkitab disebutké nèk Yésus sing wis diuripké manèh ”bakal mudhun saka swarga, terus mènèhi préntah nganggo swarané pemimpin malaékat”. (1 Tésalonika 4:​16) Dadi, Yésus nduwé ”swarané pemimpin malaékat” merga dhèwèké Mikhaèl, pemimpin malaékat.

  •   Mikhaèl mimpin pasukan malaékat. ”Mikhaèl lan malaékat-malaékaté perang nglawan naga kuwi”, yaiku Sétan. (Wahyu 12:7) Ing swarga, Mikhaèl nduwé wewenang sing gedhé. Buktiné, dhèwèké disebut ”salah siji pemimpin sing kedudukané paling dhuwur” lan ”pemimpin agung”. (Danièl 10:13, 21; 12:1) Menurut ahli Perjanjian Anyar sing jenengé David E. Aune, sebutan-sebutan mau nduduhké nèk Mikhaèl kuwi ”pemimpiné pasukan malaékat”.

     Menurut Alkitab, sing dadi pemimpiné pasukan malaékat kuwi mung siji. Ing Alkitab disebutké nèk Yésus nduduhké ”kuwasané saka swarga . .  . bareng karo para malaékaté sing kuwat.” (2 Tésalonika 1:​7, 8; Matius 16:27) Yésus ’munggah ing swarga, [lan] para malaékat, pamréntah, lan penguasa manut karo dhèwèké’. (1 Pétrus 3:​21, 22) Dadi ora mungkin nèk Gusti Allah milih Yésus karo Mikhaèl bèn saingan dadi pemimpiné pasukan malaékat. Mesthiné, sing dimaksud Mikhaèl ya Yésus kuwi.

  •   Mikhaèl ”bakal ngadeg” pas ana ”wektu sing susah”. (Danièl 12:1, cathetan ngisor) Ing buku Danièl, istilah ”ngadeg” biasané digunakké kanggo raja sing mulai mréntah utawa nguwasani dhaérah tertentu. (Danièl 11:​2-4, 21, cathetan ngisor) Yésus Kristus sing disebut ”Sabdané Gusti Allah” lan ”Rajané kabèh sing mréntah dadi raja” bakal ngalahké kabèh mungsuhé Gusti Allah lan nglindhungi umaté Gusti Allah. (Wahyu 19:11-​16) Kuwi bakal kelakon pas ”sengsara gedhé sing durung tau kelakon kèt permulaan donya”.​—Matius 24:21, 42.

a Ing Alkitab ana wong-wong sing nduwé jeneng luwih saka siji. Misalé, Yakub ya disebut Israèl, Pétrus ya disebut Simon, lan Tadéus ya disebut Yudas.​—Purwaning Dumadi 49:​1, 2; Matius 10:​2, 3; Markus 3:​18; Kisah 1:​13.