1 Pétrus 2:1-25

  • Péngin sinau omongané Gusti Allah (1-3)

  • Watu sing urip dadi omah sing dibangun liwat roh suciné Gusti Allah (4-10)

  • Dadi wong asing ing donya (11, 12)

  • Tundhuk karo wong sing wewenangé luwih dhuwur (13-25)

    • Kristus dadi conto kanggo awaké dhéwé (21)

2  Kowé kudu nyingkirké kabèh tumindak sing jahat.+ Aja ngapusi, aja munafik, aja iri, lan aja ngèlèk-èlèk wong.  Kaya bayi sing lagi waé lair,+ kowé kudu péngin ngombé susu sing murni, yaiku omongané Gusti Allah, bèn kowé isa dadi saya déwasa lan dislametké,+  merga kowé wis ngrasakké* nèk Gusti kuwi apikan.  Gustiné awaké dhéwé kuwi watu sing urip sing ditolak manungsa,+ ning dipilih lan dianggep berharga karo Gusti Allah.+ Wektu kowé nduduhké iman marang dhèwèké,  kowé, yaiku watu-watu sing urip, dadi omah sing dibangun liwat roh suciné Gusti Allah,+ supaya kowé dadi kelompok imam sing suci. Mula, kowé mènèhké korban nganggo tuntunané roh suciné Gusti Allah+ lan liwat Yésus Kristus,+ sing bakal ditampa Gusti Allah.  Merga Kitab Suci kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu sing dipilih, watu pondhasi sing berharga. Wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal kecéwa.”+  Mula, watu kuwi berharga kanggo kowé merga kowé percaya karo dhèwèké. Ning, kanggo wong sing ora percaya karo dhèwèké, ”watu sing ditolak tukang bangunan+ wis dadi watu sing utama”,*+  lan dadi ”watu sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba.”+ Wong-wong kuwi kesandhung merga ora manut karo omongané Gusti Allah. Kuwi akhir sing bakal dialami wong-wong kuwi.  Ning, kowé kuwi ”suku sing dipilih, imam sing dadi raja, bangsa sing suci,+ umat sing istiméwa duwèké Gusti Allah+ bèn kowé martakké kemuliaané”*+ Gusti Allah sing wis nggawa kowé metu saka panggonan sing peteng menyang panggonané sing padhang banget.+ 10  Mbiyèn kowé dudu umaté Gusti Allah, ning saiki kowé dadi umaté Gusti Allah.+ Mbiyèn kowé ora dimesakké, ning saiki kowé wis dimesakké.+ 11  Sedulur-sedulur sing tak sayangi, aku njaluk marang kowé sing dadi wong asing lan penduduk sementara+ bèn kowé terus nolak kepénginan sing salah+ sing perang nglawan awakmu dhéwé.+ 12  Kowé kudu njaga tumindakmu tetep apik ing antarané bangsa-bangsa.+ Dadi, nèk ana sing nudhuh kowé nindakké sing jahat, wong-wong kuwi isa ndelok dhéwé nèk tumindakmu apik.+ Hasilé, wong-wong kuwi bakal ngluhurké Gusti Allah pas Gusti Allah teka kanggo mriksa manungsa. 13  Demi Gustiné awaké dhéwé, kowé kudu manut karo kabèh pamréntahané manungsa,+ termasuk marang raja+ sing kuwasané luwih gedhé timbang kowé 14  utawa marang gubernur, sing diutus Gusti Allah kanggo ngukum wong-wong sing nindakké apa sing jahat lan kanggo muji wong-wong sing nindakké apa sing apik.+ 15  Gusti Allah péngin supaya kowé nindakké apa sing apik bèn kowé isa mbungkem cangkemé wong-wong bodho sing nudhuh kowé merga wong-wong kuwi ora nduwé pengetahuan.+ 16  Kowé kudu dadi wong sing bébas,+ lan gunakna kebébasanmu kanggo nglayani dadi abdiné Gusti Allah,+ dudu kanggo nindakké apa sing salah.+ 17  Kowé kudu ngajèni kabèh wong,+ nresnani kabèh sedulur seiman,+ wedi marang Gusti Allah,+ lan ngajèni raja.+ 18  Para pelayan kudu manut lan ngajèni majikané,+ ora mung marang majikan sing apik lan alus,* ning ya marang majikan sing angèl disenengké. 19  Gusti Allah seneng karo wong-wong sing sabar ngadhepi keadaan sing angèl lan ngadhepi tumindak sing ora adil merga péngin nduwé hati nurani sing resik ing ngarepé Gusti Allah.+ 20  Apa gunané kowé sabar wektu digebugi merga nindakké dosa?+ Gusti Allah seneng karo kowé nèk kowé sabar wektu ngalami kesusahan merga nindakké apa sing apik.+ 21  Sakjané, Gusti Allah milih kowé bèn kowé ngadhepi kesusahan kaya ngono, merga Kristus waé ngalami kesusahan demi kowé.+ Dhèwèké dadi conto bèn isa bener-bener mbok tiru.*+ 22  Dhèwèké ora nindakké dosa+ lan ora tau ngapusi.+ 23  Wektu diécé,*+ dhèwèké ora mbales ngécé.*+ Wektu sengsara,+ dhèwèké ora ngancam. Ning, dhèwèké masrahké kabèh marang Hakim sing adil.+ 24  Dhèwèké nanggung dosané awaké dhéwé+ nganggo badané wektu dhèwèké dipaku ing cagak,*+ bèn awaké dhéwé dibébaské saka dosa lan isa urip kanggo nindakké apa sing bener. Sakliyané kuwi, ”luka-lukané nggawé kowé mari”.+ 25  Mbiyèn kowé kaya wedhus sing kesasar.+ Saiki, kowé wis bali marang gembalamu+ lan sing njaga uripmu.

Katrangan Tambahan

Utawa ”wis ngalami”.
Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”sipat apikané”. Maksudé, sipat lan tumindaké sing pantes dipuji.
Utawa ”sing ora kaku”.
Lit.: ”bèn kowé isa ngetutké langkahé”.
Utawa ”diunèk-unèkké”.
Utawa ”ngunèk-unèkké”.
Utawa ”wit”. Deloken Daftar Istilah.