2 Korintus 10:1-18

  • Paulus mbéla pelayanané (1-18)

    • Senjata perang sing padha tak gunakké dudu saka donya iki (4, 5)

10  Aku, Paulus, alus wektu njaluk marang kowé, lan aku ya apikan kaya Kristus.+ Ana wong-wong ing antaramu sing ngomong nèk aku iki wong sing lemah wektu ketemu kowé langsung,+ ning kendel wektu nulis surat marang kowé.+  Pas aku teka, aku ora péngin keras karo wong-wong sing nganggep nèk aku urip menurut pikirané donya.  Senajan aku urip ing donya iki, ning aku ora perang menurut pikirané donya,  merga senjata perang sing tak gunakké dudu saka donya iki,+ ning saka Gusti Allah sing kuwasané gedhé.+ Mula, kuwi isa ngrubuhké apa waé sing kuwat kaya bèntèng.  Aku ngrubuhké pikiran sing salah lan ngrubuhké apa waé sing ora cocog karo pengetahuan soal Gusti Allah.+ Aku ngalahké pikirané saben wong bèn padha manut karo Kristus.  Sakwisé kowé kabèh mbuktèkké nèk bener-bener manut,+ aku siap ngukum sapa waé sing ora manut.  Kowé ngadili apa waé menurut apa sing kétok. Nèk ana wong sing yakin nèk dhèwèké kuwi duwèké Kristus, wong kuwi kudu éling nèk aku ya duwèké Kristus, padha kaya wong kuwi.  Gusti wis mènèhi aku wewenang kanggo nguwatké imanmu, dudu kanggo nggawé kowé cilik ati. Senajan aku terlalu bangga karo wewenang sing tak tampa kuwi,+ aku ora bakal isin.  Aku ora péngin kowé mikir nèk aku arep nggawé kowé wedi liwat surat-suratku. 10  Ana wong-wong sing kandha, ”Surat-suraté tegas lan keras, ning pas dhèwèké ing kéné, dhèwèké lemah lan omongané ora ana artiné.” 11  Wong sing ngomong ngono perlu ngerti nèk apa sing tak omongké ing surat-surat ya bakal tak tindakké wektu aku teka.+ 12  Aku ora péngin mbandhingké awakku dhéwé karo wong-wong sing rumangsa hébat, lan aku ora kaya wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi ngadili wong-wong kuwi dhéwé menurut pathokané dhéwé. Kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi ora nduwé pengetahuan.+ 13  Aku ora bakal bangga karo batas dhaérah tugas sing dudu bagéanku. Ning, aku bakal bangga mung karo batas dhaérah sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo aku, lan kowé kabèh ya termasuk ing dhaérah kuwi.+ 14  Aku ora ngliwati batas tugas wektu aku teka marang kowé, merga aku sing pertama martakké kabar apik soal Kristus marang kowé.+ 15  Aku ora bangga karo hasil gawéané wong liya sing ana ing njabané batas dhaérah tugasku. Aku péngin kowé nduwé iman sing luwih kuwat bèn hasil gawéanku ing dhaérah tugasku ya saya akèh. Dadi, dhaérah tugas sing tak garap bakal saya amba, 16  lan aku isa martakké kabar apik ing negara-negara sing luwih adoh saka panggonanmu. Mula, aku ora bakal bangga karo hasil gawéané wong liya ing dhaérah tugasé wong-wong kuwi. 17  Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Wong sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.”*+ 18  Yéhuwah* sing mutuské sapa sing Dhèwèké tresnani.+ Ning, Dhèwèké ora nresnani wong sing sombong.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.