Purwaning Dumadi 6:1-22

  • Malaékaté Gusti Allah ngepèk bojo wong wédok ing bumi (1-3)

  • Néfilim lair (4)

  • Yéhuwah sedhih merga kejahatané manungsa (5-8)

  • Nuh dikongkon nggawé kapal (9-16)

  • Gusti Allah ngandhani nèk arep ana Banjir Gedhé (17-22)

6  Jumlahé manungsa tambah akèh ing bumi lan padha nduwé anak-anak wédok.  Anak-anaké Gusti Allah sing bener*+ mulai nggatèkké nèk anak-anaké wédok manungsa kuwi ayu-ayu. Mula, sapa waé sing dipéngini dipèk bojo.  Terus Yéhuwah kandha, ”Aku* ora bakal terus-terusan sabar karo manungsa,+ merga manungsa kuwi dosa.* Kuwi sebabé uripé mung tinggal 120 taun manèh.”+  Ing jaman kuwi lan sakwisé, ana akèh raksasa* ing bumi. Wektu kuwi, anak-anaké Gusti Allah sing bener terus nindakké hubungan sèks karo anak-anaké wédok manungsa, lan akhiré wong-wong wédok kuwi nglairké anak-anak lanang. Anak-anak kuwi dadi wong-wong lanang sing kuwat lan terkenal ing jaman mbiyèn.  Yéhuwah ndelok nèk kejahatané manungsa akèh banget ing bumi. Pikiran lan atiné manungsa jahat terus.+  Yéhuwah sedhih banget* merga wis nggawé manungsa, lan Dhèwèké lara ati.+  Mula Yéhuwah kandha, ”Manungsa sing wis Tak gawé bakal Tak singkirké saka bumi, manungsa karo kéwan peliharaan, kéwan sing mabur ing langit, lan kéwan liyané,* merga Aku sedhih banget* wis nggawé manungsa.”  Ning, Nuh nyenengké atiné Yéhuwah.  Iki sejarahé Nuh. Nuh kuwi wong sing bener.+ Dhèwèké terus nindakké sing bener, ora kaya wong-wong ing jamané. Nuh terus nindakké sing dikarepké* Gusti Allah sing bener.+ 10  Nuh nduwé anak lanang telu, yaiku Sèm, Ham, lan Yafèt.+ 11  Kanggoné Gusti Allah sing bener, bumi wis rusak lan kebak kejahatan. 12  Gusti Allah ndelok nèk bumi wis rusak.+ Kabèh manungsa ing bumi bejat kelakuané.+ 13  Terus Gusti Allah kandha karo Nuh, ”Aku wis nggawé keputusan kanggo nyingkirké manungsa, merga manungsa wis nggawé bumi kebak kejahatan. Aku bakal nyingkirké manungsa lan bumi.+ 14  Gawéa kapal* saka kayu sing apik.*+ Gawéa ruangan-ruangan ing kapal kuwi. Njaba lan njeroné kudu mbok lapisi aspal.+ 15  Kapal kuwi kudu mbok gawé ngéné: Dawané 300 hasta,* ambané 50 hasta, lan dhuwuré 30 hasta.* 16  Gawéa jendhéla* bèn cahaya isa mlebu ing kapal. Jaraké jendhéla karo atap sak hasta. Gawéa lawang ing salah siji sisihé kapal.+ Kapal kuwi kudu mbok gawé tingkat telu, yaiku bagéan ngisor, tengah, lan ndhuwur. 17  ”Aku bakal nggawé banjir+ kanggo nyingkirké kabèh sing urip* saka bumi. Kabèh makhluk hidup ing bumi bakal mati.+ 18  Aku nggawé perjanjian karo kowé. Kowé kudu mlebu kapal karo anak-anakmu, bojomu, lan mantu-mantumu.+ 19  Gawanen mlebu kabèh jenis kéwan+ bèn tetep urip. Saben jenis loro-loro, lanang lan wédok.+ 20  Kéwan sing bakal mlebu bareng kowé yaiku saben jenis kéwan sing mabur, saben jenis kéwan peliharaan, lan saben jenis kéwan liyané* bèn padha tetep urip.+ Saben jenis loro-loro. 21  Kowé ya kudu ngumpulké lan nggawa kabèh jenis panganan+ kanggo kowé lan kéwan-kéwan kuwi.” 22  Nuh nindakké kabèh préntahé Gusti Allah. Dhèwèké nindakké persis kaya ngono.+

Katrangan Tambahan

Istilah Ibrani sing maksudé malaékat-malaékaté Gusti Allah.
Lit.: ”Roh-Ku”.
Utawa ”merga tumindaké manungsa nuruti kepénginan dagingé”.
Lit.: ”Néfilim”. Mungkin artiné ”Sing Nggawé Tiba”, yaiku wong-wong sing nggawé wong-wong liya tiba. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”gela”.
Deloken ctn. ing PD 1:24.
Utawa ”gela”.
Lit.: ”terus mlaku karo”.
Lit.: ”kothak”. Kapal iki bentuké kaya kothak sing gedhé lan isa ngapung ing banyu.
Mungkin kuwi jenis wit pinus.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Ukuran kapal kuwi: 134 m x 22 m x 13 m.
Ibrani: tsohar. Ana sing nganggep nèk tsohar kuwi maksudé atap sing miring, dudu jendhéla.
Lit.: ”kabèh sing nduwé nyawa”.
Deloken ctn. ing PD 1:24.