Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Pertemuan Gabungan Wilayah Disiarké Liwat TV lan Radio

Pertemuan Gabungan Wilayah Disiarké Liwat TV lan Radio

1 AGUSTUS 2021

 Taun 2020, pertama kaliné ana pertemuan gabungan wilayah sing direkam lan isa dinikmati liwat Internèt. Tapi, akèh-akèhé sedulur ing Malawi lan Mozambik isa menikmati acarané meskipun ora nganggo Internèt. Kok isa?

 Panitia Pengawas lan Panitia Pendidikan saka Pengurus Pusat ngijinké bèn acara pertemuan gabungan wilayah disiarké liwat TV lan radio ing Malawi lan Mozambik. Lha ngapa? Ing Malawi, kuotané larang banget, dadi mung sithik sedulur sing isa mbukak Internèt. Sedulur William Chumbi, anggota Panitia Cabang Malawi, ngomong, ”Para sedulur isa menikmati acarané mung liwat radio lan TV.” Sedulur Luka Sibeko, anggota Panitia Cabang Malawi sing liyané, ya ngomong, ”Nèk ora disiarké liwat TV lan radio, mung sithik sedulur sing isa menikmati acara pertemuan iki.” Ing Mozambik, para sedulur akèh-akèhé ora isa tuku perangkat èlèktronik lan kuota Internèté.

Piyé Bèn Isa Nyiarké?

 Selama pandemi iki, acara pertemuan ibadah wis disiarké liwat TV lan radio. a Bèn acara pertemuan gabungan wilayah ya isa disiarké, para sedulur njaluk karo pihak stasiun bèn wektu siarané ditambah.

 Ing Malawi, biasané siarané kuwi dibatesi mung sak jam. Menurut pihak stasiun, nèk acarané kesuwèn mengko padha bosen. Tapi para sedulur njelaské nèk iki bermanfaat dienggo masyarakat, wong-wong isa ngerti kabar apik saka Alkitab, isa ngerti carané bèn dadi wong sing apik, lan ngerti carané bèn keluargané bahagia. Akhiré, pihak stasiun kuwi setuju bèn wektu siarané ditambah.

 Ing Malawi, acarané disiarké liwat stasiun TV siji lan stasiun radio siji. Akèh wong isa mèlu menikmati acarané, merga siarané isa tekan ing kabèh dhaérah ing negara kuwi. Terus nèk ing Mozambik, acarané disiarké liwat stasiun TV 1 karo stasiun radio 85.

 Ing Malawi lan Mozambik, total biayané kira-kira 400 juta rupiah kanggo nyiarké liwat TV. Nèk radio, dienggo nyiarké liwat stasiun sing cilik, regané mulai 200.000 rupiah. Terus, nèk stasiun nasional, regané kira-kira 40 juta rupiah. Dadi, totalé dienggo nyiarké liwat radio kira-kira mèh 280 juta rupiah.

 Para sedulur berusaha bèn ora boros. Contoné, para sedulur ing Malawi berusaha bèn éntuk diskon. Hasilé, malah ana sing ngekèki diskon nganti 30 persèn, dadi isa hémat kira-kira 24 juta rupiah. Terus, nèk ing Mozambik ya isa éntuk rega sing luwih murah soalé Seksi Yéhuwah ing kono terkenal jujur lan ora seneng nunggak mbayaré.

Ucapan Maturnuwun

 Para sedulur seneng banget isa menikmati acara pertemuan gabungan wilayah. Patrick, pinituwa saka Malawi, ngomong, ”Maturnuwun kanggo Pengurus Pusat merga aku dadi isa menikmati acara pertemuan gabungan wilayah pas pandemi iki. Sedulur Isaac saka Malawi ya ngomong, ”Kami mung nduwé radio. Mulané kami bersyukur banget acara pertemuané disiarké liwat radio. Dadi, aku sak keluarga isa mèlu ngrungokké. Iki bukti nèk Yéhuwah sayang banget karo kabèh umaté.”

 Ing Mozambik, ana penginjil siji sing lagi pertama kali mèlu pertemuan gabungan wilayah. Dhèwèké crita, ”Merga pertemuan gabungan wilayah 2020 isa disiarké liwat TV, aku dadi tambah yakin nèk Yéhuwah kuwi mahakuwasa. Yéhuwah tetep isa nguwatké imanku meskipun saiki lagi pandemi. Aku ya ndelok dhéwé nèk umaté Yéhuwah sayang sedulur seimané. Aku dadi yakin nèk iki agama sing bener.”

 Pinituwa sing jenengé Wyson ya ngomong, ”Aku péngin maturnuwun banget karo budhak sing setya. Para sedulur ing kéné ora nduwé dhuwit akèh, tapi tetep isa menikmati acara pertemuané merga disiarké liwat radio lan TV.”

 Panitia Pengawas lan Panitia Pendidikan ya wis ngijinké bèn pertemuan gabungan wilayah 2021 isa disiarké liwat TV lan radio ing beberapa dhaérah. Kuwi kabèh biayané saka endi? Akèh sing nyumbang kanggo gawéan sak donya nganggo cara-cara sing ana ing donate.mt711.com. Maturnuwun merga njenengan murah hati.

a Taun 2020, Panitia Pengawas ngijinké bèn acara pertemuan ibadah ing beberapa dhaérah disiarké liwat TV lan radio. Iki mung dienggo sing ora isa mèlu acara pertemuan ing jemaaté utawa mbukak JW Stream, merga ing dhaérahé ora ana sinyal utawa pulsa lan kuotané larang.