Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Katrangané Alkitab soal Penawanané Wong Yahudi ing Babilon Kuwi Bener?

Apa Katrangané Alkitab soal Penawanané Wong Yahudi ing Babilon Kuwi Bener?

 Kira-kira 2.600 taun mbiyèn, wong Yahudi ditawan ing Babilon sing suwéné kira-kira 70 taun. Nurut Alkitab, Gusti Allah wis ngramalké kaya apa uripé wong Yahudi wektu ing Babilon, ”Sira padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawéa pakebonan, kang kena sira pangan pametuné. Padha omah-omaha supaya duwéa anak lanang lan wadon . . . Padha ngudia marang karaharjaning [utawa, ngupayaa urip ayem tentrem ing] kutha, ing ngendi parané anggoningSun mbucal sira.” (Yérémia 29:1, 4-7) Apa bener uripé wong Yahudi kaya ngono wektu ing Babilon?

Lèmpèngan saka Al-Yahudu

 Para peneliti wis nliti luwih saka 100 lèmpèngan tanah liat sing mungkin asalé saka Babilon kuno utawa dhaérah sekitaré. Lèmpèngan-lèmpèngan kuwi digawé kira-kira taun 572 nganti 477 sakdurungé Masèhi. Lèmpèngan-lèmpèngan kuwi nduduhké nèk ana akèh wong Yahudi sing manut karo pamréntah Babilon, ning isih tetep nindakké kebiasaan lan ibadahé dhéwé. Ana lèmpèngan sing isiné perjanjian séwa, perjanjian bisnis, cathetan utang, lan cathetan keuangan liyané. Ana réferènsi sing kandha, ”Saka dokumèn-dokumèn iki, awaké dhéwé isa mbayangke piyé uripé rakyat biasa ing désa. Wong-wong kuwi dadi petani, mbangun omah, mbayar pajeg, lan manut karo hukumé raja.”

 Saka dokumèn-dokumèn iki, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk ana akèh wong Yahudi sing manggon ing dhaérah sing jenengé Al-Yahudu, sing artiné kampung Yahudi. Ing lèmpèngan kuwi ya ana jeneng-jeneng Yahudi saka patang generasi, lan beberapa jenengé ditulis nganggo huruf Ibrani kuno. Sakdurungé lèmpèngan-lèmpèngan iki ditemokké, mung ana sithik katrangan soal piyé uripé wong Yahudi wektu ing Babilon. Dr. Filip Vukosavović, sing dadi anggota déwan dirèksi saka Otoritas Purbakala Israel kandha, ”Merga ana lèmpèngan-lèmpèngan iki, awaké dhéwé dadi ngerti luwih akèh soal uripé wong-wong kuwi. Awaké dhéwé dadi ngerti jenengé wong-wong kuwi, ing endi wong-wong kuwi manggon, kapan wong-wong kuwi urip, lan apa kegiatané wong-wong kuwi.”

Wong Yahudi diwènèhi kebébasan wektu ditawan ing Babilon

 Wong-wong Yahudi ing Babilon kuwi dudu budhak utawa tahanan. Wong-wong kuwi isa bébas milih gawéan lan arep manggon ing endi. Nurut Vukosavović, wong-wong kuwi manggon ”ora mung ing Al-Yahudu, ning ya ing kutha-kutha liyané”. Wong-wong kuwi isa sinau akèh ketrampilan, sing akhiré isa dienggo mbangun manèh Yérusalèm. (Néhémya 3:8, 31, 32) Lèmpèngan-lèmpèngan sing ditemokké ing Al-Yahudu ya nduduhké nèk ana akèh wong Yahudi sing milih tetep manggon ing Babilon senajan wis ora ditawan manèh. Kuwi bukti nèk uripé wong-wong kuwi ayem tentrem ing Babilon, kaya kandhané Alkitab.