Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pathokané Gusti Allah soal Kebersihan Luwih Unggul

Pathokané Gusti Allah soal Kebersihan Luwih Unggul

 Ora suwé sakdurungé wong Israèl mlebu ing Tanah Perjanjian kira-kira 3.500 taun kepungkur, Gusti Allah janji bakal nglindhungi bangsa kuwi saka ”sarupané lelara” sing ana ing Mesir. (Pangandharing Torèt 7:15) Salah siji carané, yaiku mènèhi petunjuk kanggo nyegah penyakit lan njaga kebersihan. Contoné:

  •   Gusti Allah mènèhi pathokan bèn wong Israèl adus lan ngumbahi klambiné.​—Kaimaman 15:4-27.

  •   Gusti Allah ya mènèhi petunjuk carané mbuwang kotorané manungsa. Gusti Allah kandha, ”Ing sajabané pakémahan anaa panggonan, perlu kanggo bebuwang. Ing antarané pirantimu anaa céthoké kanggo gawé cluwekan samangsa kowé arep bebuwang, lan kanggo ngurugi sesukermu iku.”​—Pangandharing Torèt 23:12, 13.

  •   Wong sing mungkin nduwé penyakit menular kudu dikarantina utawa ora éntuk cedhak-cedhak karo wong liya. Nèk wis mari, dhèwèké isa bali manèh ing perkémahan. Ning, dhèwèké kudu adus lan ngumbah klambiné dhisik bèn ora ’najis’.​—Kaimaman 14:8, 9.

  •   Sapa waé sing ndemèk wong mati kudu dikarantina.​—Kaimaman 5:2, 3; Wilangan 19:16.

 Pathokané Gusti Allah kanggo wong Israèl soal keséhatan lan kebersihan kuwi luwih unggul ketimbang kebiasaané wong-wong ing jaman kuwi.

 Akèh-akèhé wong ing jaman kuwi kurang resikan. Contoné:

  •   Akèh bayi mati lan wong dadi lara merga banyu lan panganan sing reged, lan ana akèh sampah.

  •   Para dokter ing jaman kuwi ora ngerti akèh utawa ora ngerti babar blas soal virus lan baktèri sing nyebabké penyakit. Wong Mesir nggunakké ”obat-obatan” saka getih kadal, tikus mati, uyuh, kotorané manuk pelikan, lan roti sing wis jamuren. Malah, wong-wong kuwi ya nggunakké kotorané manungsa lan kotorané kéwan kanggo ngobati penyakit.

  •   Wong Mesir ing jaman kuwi ya kena penyakit merga parasit sing ana ing Kali Nil lan saluran banyuné. Terus, ana akèh bayi sing mati merga kena diaré lan penyakit liyané merga panganané ora resik.

 Ning, merga wong Israèl manut karo pathokané Gusti Allah, wong-wong kuwi dadi luwih séhat ketimbang bangsa liyané.