Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

GATÈKNA! No. 2 2018 | 12 Cara Bèn Keluarga Bahagia

12 Cara Bèn Keluarga Bahagia

Ana akèh keluarga sing berantakan. Nah, piyé carané bèn keluargané njenengan bahagia?

  • Antara taun 1990 nganti 2015, ing Amerika Serikat, jumlah pasangan sing pegatan sing umuré 50 wis meningkat dua kali lipat, terus sing umuré 65 wis meningkat tiga kali lipat.

  • Ana ahli sing ngomong nèk wong tuwa kudu kerep muji anaké, tapi ya ana sing ngomong nèk wong tuwa kudu tegas karo anaké. Akhiré akèh wong tuwa padha bingung.

  • Akèh cah enom saiki ora diajari bèn dadi wong sing bertanggung jawab.

Tapi sakjané . . .

  • Suami istri isa terus bahagia lan langgeng.

  • Wong tuwa isa tetep sayang karo anaké, tapi ya tetep tegas.

  • Cah enom isa belajar dadi wong sing bertanggung jawab.

Carané piyé? Ing majalah iki ana 12 cara bèn keluarga bahagia.

 

1: Setya

Saran-saran bèn hubungané suami istri tetep harmonis.

2: Kerja Sama

Suami istri kudu isa kompak.

3: Menghargai

Piyé carané bèn suami utawa istri ngrasa dihargai?

4: Ngapura

Nèk sayang tenan, sing didelok ya ora èlèké terus.

5: Komunikasi

Saran-saran bèn wong tuwa isa luwih akrab karo anaké.

6: Ndhidhik Anak

Ana anak-anak sing ora tau disenèni utawa dihukum wong tuwané. Apa kuwi bener?

7: Nduwé Sipat-Sipat sing Apik

Anak-anak kudu diajari apa waé?

8: Dadi Conto

Wong tuwa kuduné ora mung ngomong thok, tapi ya isa dadi conto sing apik.

9: Nduwé Pendirian

Cah enom kudu piyé bèn nduwé pendirian?

10: Isa Dipercaya

Cah enom kudu berupaya dadi wong sing isa dipercaya.

11: Rajin

Nèk cah enom dadi wong sing rajin, mesthi akèh manfaaté.

12: Nduwé Cita-Cita

Nèk cita-citamu kelakon, kowé isa luwih percaya diri, isa nduwé kanca, lan isa luwih bahagia.

Saran-Saran kanggo Keluarga

Bèn isa bahagia, keluarga kudu ngetrapké naséhat ing Alkitab.