Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

4 | Saran-Saran ing Alkitab

4 | Saran-Saran ing Alkitab

ING ALKITAB DISEBUTKÉ: ’Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci ana gunané.’​—2 TIMOTIUS 3:16.

Maksudé Ayat Kuwi

Meskipun Alkitab dudu buku keséhatan, tapi saran-sarané isa langsung dipraktèkké lan bermanfaat kanggo wong-wong sing ngalami masalah keséhatan méntal. Gatèkna beberapa sarané.

Piyé Ngetrapkéné?

”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.”​—MATIUS 9:12.

Menurut Alkitab, awaké dhéwé kadhang ya perlu nggolèk perawatan mèdis. Akèh sing wis ngrasakké manfaat merga priksa ing dokter lan nggolèk keterangan luwih akèh soal gangguan méntalé saka sumber sing isa dipercaya.

”Nèk wong ngetrén awaké (olahraga), kuwi ya ènèng apiké.”​—1 TIMOTIUS 4:8, Kitab Sutyi Prejanjian Anyar ing Basa Jawa Suriname.

Nèk berupaya bèn awaké séhat, méntalé ya isa dadi séhat. Kuwi berarti kudu rajin olahraga, mangan panganan sing bergizi, lan cukup istirahat.

”Ati sing seneng kuwi obat sing manjur, ning wong sing ora semangat bakal kentèkan tenaga.”​—WULANG BEBASAN 17:22.

Bèn atiné seneng, isa maca Alkitab lan nggawé rencana-rencana sing isa dicapai. Nèk mikir sing apik lan yakin keadaan bakal luwih apik, émosi isa dadi luwih stabil pas ngadhepi masalah keséhatan méntal.

”Wong sing rendah hati kuwi wicaksana.”​—WULANG BEBASAN 11:2.

Kudu sadhar nèk ora kabèh hal isa dilakoni dhéwé, mulané kudu gelem dibantu wong liya. Kanca utawa keluarga ora selalu ngerti mbantuné piyé. Dadi awaké dhéwé kudu ngandhani butuh bantuan apa. Tapi ya aja terlalu nuntut. Kudu selalu bersyukur karo bantuan sing wis dikèkké.

Manfaaté Saran-Saran ing Alkitab

”Pas aku ngrasa pikiran lan perasaanku kok ora kaya biasané, aku konsultasi karo dokter. Terus dokter mriksa kondhisiku. Aku dadi ngerti tenan aku lara apa lan pengobatan apa sing cocog kanggo aku.”​—Nicole, a gangguan bipolar.

”Saben dina aku isa terus semangat lan mikir sing apik merga aku karo bojoku teratur maca Alkitab. Pas aku lagi sedhih lan tertekan, bar maca ayat Alkitab aku dadi ngrasa ayem.”​—Peter, déprèsi.

”Aku isin banget nèk dikon crita soal penyakitku. Tapi merga aku nduwé kanca akrab sing gelem memahami lan ngrungokké aku, perasaanku dadi luwih pénak. Aku ya dadi ora ngrasa dhèwèkan.”​—Ji-yoo, gangguan makan.

”Merga ngetrapké saran-saran ing Alkitab, aku dadi ngerti nèk kudu istirahat sing cukup, ora kerja terus. Aku ya dadi isa ngontrol perasaanku sing kerep berubah-ubah.”​—Timothy, gangguan obsesif-kompulsif.

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.