Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | WEKTU SING DITRESNANI MATI

Apa Salah Nèk Sedhih?

Apa Salah Nèk Sedhih?

Apa panjenengan wis tau lara parah? Mbokmenawa isa cepet mari, banjur lali larané. Ning, rasa sedhih ditinggal mati ora kaya ngono. ”Ditinggal mati kuwi sedhihé ora ana entèké,” kan­dhané Dr. Alan Wolfelt ing bukuné Healing a Spouse’s Grieving Heart. Dhèwèké uga kandha, ”Butuh wektu lan dhukungané wong liya, bèn rasa se­dhih kuwi rada mendhingan.”

Contoné, gatèkna tanggepané Abraham wektu bojoné mati. Alkitab kandha, ”Rama Abraham tumuli lumebet lan [mulai, New World Translation] ngadhuh-adhuh sarta muwuni [nangisi] Ibu Sara.” Tembung ”mulai” kuwi maksudé Abraham butuh wektu kanggo ngadhepi rasa kélangan. * Conto liyané yaiku Yakub, sing diapusi nèk anaké yaiku Yusuf mati dipangan kéwan. Dhèwèké ­sedhih nganti ”pirang-pirang dina,” lan ora ­gelem dilipur karo keluargané. Pirang-pirang taun sakwisé, Yakub isih kèlingan matiné Yusuf.​—Purwaning Dumadi 23:2; 37:34, 35; 42:36; 45:28.

Abraham sedhih banget ditinggal mati Sara

Wong-wong sing saiki ditinggal mati ya ana sing krasa kaya ngono. Gatèkna conto-conto iki.

  • ”Bojoku, Robert, mati tanggal 9 Juli 2008. Ésuk kuwi sakdurungé mati, kabèh biasa-biasa waé. Bar sarapan, sakdurungé dhèwèké kerja, aku karo bojoku padha-padha ngambung, ngekep, lan ngomong ’Aku sayang kowé’. Nem taun bar bojoku mati, aku tetep ora isa lali. Aku bakal terus kélangan dhèwèké.”​—Gail, umur 60.

  • ”Senajan bojoku wis mati 18 taun kepungkur, aku isih kangen lan kélangan. Nèk aku ndelok pemandangan sing apik, aku kèlingan dhèwèké lan aku mbayangké piyé rasané nèk dhèwèké uga ndelok sing tak delok.”​—Ètienne, umur 84.

Pancèn, rasa sedhih sing dirasakké kuwi lu­mrah. Saben wong nduwé sedhihé dhéwé-dhéwé, lan ora perlu maido carané wong nanggepi musibah kuwi. Ning, aja terus nyalahké awaké dhéwé nèk rasa sedhihé ora ilang-ilang. Piyé carané ngadhepi rasa sedhih iku?

^ par. 4 Anaké Abraham yaiku Iskak, ya wis tau sedhih ditinggal mati. Kaya sing ditulis ing bab ”Tirunen Imané” ing majalah iki, Iskak isih tetep sedhih nganti telung taun sakwisé ditinggal mati ibuné, yaiku Sara.​—Purwaning Dumadi 24:67.