Langsung mlebu

Piyé Carané Dadi Anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah?

Piyé Carané Dadi Anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah?

 Yésus nerangaké telung cara kanggo dadi anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah, kuwi dicathet ing Matéus 28:19, 20. Ayat kuwi nduduhaké nèk péngin dadi muridé Yésus, kudu nyritakaké bab Yéhuwah marang wong liya.

 Cara 1: Sinau wulangané Alkitab. Yésus ndhawuhi muridé supaya ”padha dadèkna siswaKu . . . , padha wulangen.” (Matéus 28:19, 20) Tembung ”siswa” tegesé ”wong sing sinau”. Wulangané Yésus sing ana ing Alkitab mènèhi katrangan sing dibutuhaké supaya awaké dhéwé bisa urip seneng lan puas. (2 Timotéus 3:​16, 17) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu panjenengan sinau Alkitab liwat program sinau Alkitab gratis.​—Matéus 10:​7, 8; 1 Tésalonika 2:​13.

 Cara 2: Nindakaké sing disinaoni. Yésus kandha, wong sing sinau uga kudu ”mbangun-turut [manut] marang sakèhing piwulang sing wis Dakwulangaké marang kowé”. (Matéus 28:20) Tegesé, sinau Alkitab kuwi ora mung bèn ngerti thok, ning uga bèn bisa ngowahi cara mikir lan tumindak. (Para Rasul 10:42; Éfesus 4:​22-​29; Ibrani 10:24, 25) Sing manut karo dhawuhé Yésus akhiré nggawé keputusan nggunakaké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah.​—Matéus 16:24.

 Cara 3: Dibaptis. (Matéus 28:19) Alkitab mbandhingaké baptisan karo ngubur. (Bandhingna karo Rum 6:​2-4.) Dibaptis iku lambang nèk awaké dhéwé wis ngubur tumindak sing mbiyèn, lan siyap nindakaké kersané Yéhuwah. Baptisan iku dadi bukti ing ngarepé wong akèh nèk panjenengan wis nindakaké rong cara sing diterangaké Yésus mau, lan iku tandha nèk panjenengan njaluk hati nurani sing resik ing ngarsané Allah.​—Ibrani 9:​14; 1 Pétrus 3:​21.

Piyé carané bisa ngerti nèk wis siyap dibaptis?

 Panjenengan kudu kandha karo pinituwa. Para pinituwa kuwi bakal omongan karo panjenengan kanggo mesthèkaké apa panjenengan mudheng syarat-syaraté kanggo dibaptis, apa panjenengan wis nindakaké sing disinaoni, lan apa panjenengan wis nggawé keputusan dhéwé kanggo ngabekti marang Yéhuwah.​—Para Rasul 20:28; 1 Pétrus 5:​1-3.

Apa anaké Seksi Yéhuwah kudu netepi syarat-syarat kuwi?

 Ya. Seksi-Seksi Yéhuwah ndhidhik anaké ”ing bab piwulang lan pepéling kang saka ing Gusti”, kaya sing didhawuhaké Alkitab. (Éfesus 6:4) Ning, nèk wis gedhé, anak-anaké kudu nggawé keputusan dhéwé kanggo sinau, nampa, lan nindakaké wulangané Alkitab sakdurungé netepi syarat kanggo dibaptis. (Rum 12:2) Sing paling penting, saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé bab ibadahé.​—Rum 14:12; Galati 6:5.