Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nindakaké Gawéan Nginjil?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nindakaké Gawéan Nginjil?

 Ya. Kabèh Seksi-Seksi Yéhuwah ing ngendi waé nindakaké gawéan nginjil lan semangat wektu mbagèkaké kabar apik kanggo kabèh wong.​—Matéus 28:19, 20.

 Ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing mara utawa pindhah ing dhaérah liya ing negarané bèn bisa nginjil marang akèh wong sing durung tau krungu kabar apik saka Alkitab. Liyané ana sing pindhah ing negara liya bèn bisa luwih akèh nindakaké gawéan nginjil. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng bisa mèlu nindakaké apa sing diramalaké Yésus, ”Kowé bakal padha dadi seksiKu . . . tumeka ing pungkasaning bumi.”​—Para Rasul 1:8.

 Wektu taun 1943, Seksi-Seksi Yéhuwah nganakaké sekolah kanggo nglatih utusan injil, yaiku wong-wong sing diutus kanggo nginjil ing negara liya. Wiwit kuwi, luwih saka 8.000 Seksi mèlu sekolah iki, sing saiki jenengé Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal.