Langsung mlebu

Apa ing Seksi-Seksi Yéhuwah Ana Pendhéta sing Dibayar?

Apa ing Seksi-Seksi Yéhuwah Ana Pendhéta sing Dibayar?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora mbédak-mbédakaké antarané golongan pendhéta lan golongan wong biyasa, merga niru contoné agama Kristen abad kapisan. Kabèh Seksi Yéhuwa sing wis dibaptis kuwi penginjil lan mèlu mulang Alkitab marang wong-wong. Seksi-Seksi Yéhuwah diklumpukaké ing jemaat-jemaat sing cacahé kira-kira 100 wong ing saben jemaat. Wong-wong lanang sing kuwat imané dadi ”pinituwa” ing jemaaté. (Titus 1:5) Wong-wong kuwi ora dibayar.