Langsung mlebu

Piyé Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab Sains?

Piyé Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab Sains?

 Seksi-Seksi Yéhuwah percaya sains lan ngakoni penemuan ilmiah sing ana buktiné.

 ”Sains yaiku ilmu sing nyinaoni alam lan perilaku alam.” (Collins Cobuild Advanced Learner’s English Dictionary) Senajan Alkitab dudu buku sains, Alkitab ngarahaké wong-wong bèn sinau bab alam lan bèn bisa éntuk paédah saka penemuan ilmiah. Contoné:

  •   Astronomi: ”Mripatmu arahna marang ing langit lan delengen: sapa kang nitahaké sakèhing lintang iku tuwin ndhawuhi metu sakèhing wadya-balané kalawan nimbali jenengé iku kabèh?”​—Yésaya 40:26.

  •   Biologi: Nabi Suléman ”nggubah kekidungan bab wit-witan, wiwit wit èrès ing pagunungan Libanon nganti wit Hisop kang thukul ing témbok. Panjenengané uga ngandika bab kéwan-kéwan lan manuk-manuk tuwin bab kéwan kang rumangkang sarta bab iwak-iwak.”​—1 Para Raja 4:​33.

  •   Kedokteran: ”Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.”​—Lukas 5:​31.

  •   Meteorologi: ”Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatané salju,  . .  Ana ing ngendi . . .  papan pencaring angin ing salumahing bumi?”​—Ayub 38:22-​24.

 Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni sains. Buktiné, ana artikel bab alam lan penemuan ilmiah ing buku-bukuné Seksi-Seksi Yéhuwah. Anak-anaké Seksi-Seksi Yéhuwah uga disekolahaké karo wong tuwané bèn ngerti ilmu pengetahuan. Ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing kerja ing bidang sains kaya biokimia, matematika, lan fisika.

Kekurangané Sains

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya nèk sains bisa njawab kabèh pitakonan bab urip. a Contoné, para ahli geologi nliti asal-usulé bumi, lan ahli biologi nliti cara kerjané awaké manungsa. Ning, apa sebabé bumi cocog kanggo urip, lan apa sebabé organ-organ awaké manungsa bisa kerja sama siji lan sijiné?

 Seksi-Seksi Yéhuwah percaya nèk mung Alkitab sing bisa njawab pitakonan bab urip. (Jabur 139:13-​16; Yésaya 45:18) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah percaya nèk pendidikan sing apik kuwi klebu sinau loro-loroné, yaiku Alkitab lan sains.

 Kadhang kala, sains kétoké ora cocog karo Alkitab. Ning, ora cocogé kuwi merga pangertèn sing ora bener bab wulangané Alkitab. Contoné, Alkitab ora mulang nèk bumi kuwi digawé enem dina sing saben dinané suwéné 24 jam.​—Purwaning Dumadi 1:1; 2:4.

 Ana teori-teori sing didadèkaké pengetahuan, ning ora ana buktiné lan ditolak para ahli sains sing diajèni. Merga alam iki dirancang luar biasa, Seksi-Seksi Yéhuwah seneng ngandhani wong-wong bab pandhangané para ahli biologi, ahli kimia, lan liyané sing kandha nèk alam iki ana, dudu merga mutasi acak lan seleksi alam.

a Erwin Schrödinger, ahli fisika saka Austria lan sing nampa penghargaan Nobel nulis nèk sains kuwi ”ora bisa ngekèki jawaban sing ana hubungané karo perasaané manungsa.” Lan Albert Einstein kandha, ”Saka pengalaman-pengalaman sing ora apik, awaké dhéwé sadhar nèk ilmu pengetahuan ora cukup kanggo ngatasi masalahé manungsa.”