Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Rumangsa Yèn Mung Anggotané sing Bakal Dislametaké?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Rumangsa Yèn Mung Anggotané sing Bakal Dislametaké?

 Ora. Akèh wong sing urip jaman mbiyèn, klebu sing dudu Seksi-Seksi Yéhuwah, nduwé kesempatan kanggo dislametaké. Alkitab mènèhi katrangan bab janjiné Gusti Allah, ”wonten patangènipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang ingkang mursal”, tegesé wong becik lan ora becik. (Para Rasul 24:15) Bisa waé akèh wong sing urip saiki wis mulai ngabdi marang Gusti Allah, lan uga bakal dislametaké. Intiné, awaké dhéwé ora nduwé hak kanggo mutusaké sapa sing bakal dislametaké lan sing ora. Kuwi tugasé Yésus.—Yokanan 5:22, 27.