Langsung mlebu

Apa Watch Tower Bible and Tract Society Kuwi?

Apa Watch Tower Bible and Tract Society Kuwi?

 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania yaiku badan hukum sing ora golèk untung, sing digawé taun 1884 miturut hukumé Commonwealth of Pennsylvania, AS. Kuwi digunakaké Seksi Yéhuwah kanggo ndhukung gawéan sakdonya, klebu nyétak Alkitab lan wacan-wacan sing dhasaré Alkitab.

 Miturut anggaran dhasaré, tujuan badan hukum iki ana hubungané karo ”agama, pendhidhikan, lan sosial”, kususé kanggo ”nginjil lan mulang bab Kratoné Gusti Allah sing rajané Yésus Kristus”. Anggotané badan hukum iki mung wong-wong sing diundang lan ora ditemtokaké saka sepira akèhé sumbangané. Anggota lan dirèkturé mbantu Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah.

Sesambungan karo Badan Hukum liyané

 Sakliyané Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania, Seksi Yéhuwah uga nggawé akèh badan hukum ing akèh negara. Jeneng-jenengé badan hukum iki tetep nggunakaké tembung ”Watch Tower”, ”Watchtower”, utawa diterjemahaké nganggo basa ing wilayahé dhéwé-dhéwé.

 Sakwisé badan-badan hukum kuwi digawé, akèh sing wis diasilaké Seksi-Seksi Yéhuwah, antarané:

  •   Nulis lan nyétak. Seksi Yéhuwah wis ngetokaké kurang luwih 220 yuta Alkitab lan 40 miliar wacan sing dhasaré Alkitab, ing luwih saka 700 basa. Situs wèb jw.org nyedhiyakaké Alkitab online gratis ing luwih saka 120 basa. Ing situs wèb kuwi, wong-wong uga isa éntuk jawaban saka pitakonan kayata, ”Apa Kratoné Gusti Allah kuwi?

  •   Pendhidhikan. Seksi-Seksi Yéhuwah nganakaké sekolah-sekolah pendhidhikan Alkitab. Contoné, wiwit taun 1943, luwih saka 8.000 Seksi Yéhuwah éntuk paédah mèlu Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Wong-wong kuwi dilatih kanggo ngabdi dadi utusan injil utawa ndhukung gawéané Seksi Yéhuwah sakdonya. Lan saben minggu, akèh wong, klebu sing dudu Seksi Yéhuwah, éntuk paédah saka pakumpulan ibadah ing saben jemaat. Seksi Yéhuwah uga nganakaké kelas kanggo sing ora isa maca lan nulis, lan nyétak buku-buku sing dinggo sinau ing 110 basa.

  •   Sosial. Seksi Yéhuwah nyedhiyakaké bantuan kemanusiaan kanggo sing lagi susah, sing disebabaké manungsa kayata genosida (nyingkiraké salah sijiné suku) ing Rwanda taun 1994, utawa merga alam, kayata lindhu gedhé ing Haiti taun 2010.

 Senajan badan-badan hukum iki wis akèh mbantu gawéané Seksi Yéhuwah, ning gawéané Seksi Yéhuwah ora gumantung karo badan hukum iki. Saben wong Kristen nduwé tanggungjawab kanggo nindakaké préntahé Allah, yaiku nginjil lan mulang bab kabar apik.. (Matéus 24:14; 28:19, 20) Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Gusti Allah ndhukung gawéan iki lan bakal terus ”nuwuhaké”.—1 Korinta 3:6, 7.