Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Mbantu Anak-Anak Bèn Ora Kepengaruh karo Berita sing Nggawé Kuwatir

Mbantu Anak-Anak Bèn Ora Kepengaruh karo Berita sing Nggawé Kuwatir

Saben dina anak-anak isa ndelok berita-berita sing ana ing TV, HP, tablèt, lan komputer. Ning, ana berita sing isa nggawé anak-anak dadi ngrasa wedi utawa kuwatir.

Apa sing kudu ditindakké bèn anak-anaké njenengan ora terlalu kuwatir wektu ndelok berita-berita sing kaya ngono?

Apa dampaké berita-berita sing nggawé kuwatir kanggo anak-anak?

  •   Anak-anak dadi kuwatir wektu ndelok berita sing kaya ngono. Ana anak-anak sing ora isa nyritakké apa sing dhèwèké rasakké, padahal mungkin berita kuwi pengaruhé gedhé banget kanggo dhèwèké. a Wektu ndelok wong tuwané terlalu kuwatir, anak-anak mungkin ya dadi tambah kuwatir.

  • Anak-anak mungkin nggawé kesimpulan sing salah soal berita sing didelok. Contoné, ana anak-anak sing mikir nèk apa sing didelok kuwi bakal dialami karo keluargané. Terus, anak-anak sing ndelok berita sing ditayangké ping bola-bali mungkin mikir nèk kuwi bener-bener kelakon bola-bali.

  • Anak-anak mungkin ora isa nduwé pandangan sing bener. Anak-anak mungkin ora sadhar nèk berita kuwi dadi bagéan saka bisnis sing bakal luwih untung nèk sing nonton akèh. Mula, berita kuwi digedhèk-gedhèkké bèn akèh sing nonton.

Piyé carané mbantu anak-anaké njenengan?

  •   Mbatesi anak-anak bèn ora kakèhan nonton berita sing nggawé kuwatir. Kuwi ora berarti nggawé anak-anaké njenengan dadi ora ngerti berita-berita sing paling anyar. Ning, nèk anak-anak kakèhan ndelok utawa ngrungokké berita sing nggawé kuwatir kuwi pengaruhé ya ora apik kanggo anak-anak.

    ”Kadhang-kadhang, aku sak keluarga ngobrol soal berita. Ning, aku ora ngerti nèk jebulé kuwi nggawé anak-anakku dadi kuwatir.”​—Maria.

    Kandhané Alkitab: ”Sumelanging ati ndadèkaké wungkuking wong.”​—Wulang Bebasan 12:25.

  • Gelem ngrungokké lan ngertèni perasaané. Nèk anak-anaké njenengan ora isa nyritakké perasaané, njenengan isa mènèhi saran anak-anaké njenengan kanggo nggambar. Aja nggunakké istilah sing ora dingertèni anaké njenengan lan aja mbahas terlalu rinci soal berita kuwi.

    ”Ketimbang mung ngomong nèk keadaan saiki ya pancèn kaya ngéné lan awaké dhéwé kudu siap, aku nyedhiakké wektu bèn isa ngobrol karo anakku. Kuwi nggawé dhèwèké ngrasa lega.”​—Sarahi.

    Kandhané Alkitab: ”Kudu cepet ngrungokké, aja kesusu ngomong.”​—Yakobus 1:19.

  • Mbantu anak-anak nduwé pandangan sing bener. Contoné, berita soal penculikan isa nggawé kejahatan kuwi kaya-kayané kerep kelakon. Njenengan isa njelaské ing anak-anak nèk keputusan sing wis njenengan gawé kuwi kanggo nglindhungi anak-anak. Njenengan ya perlu ngerti nèk biasané acara berita kuwi nayangké peristiwa sing jarang kelakon dudu sing kerep kelakon.

    ”Bantunen anak-anaké njenengan bèn isa ngatasi apa sing dirasakké. Biasané, apa sing dirasakké kuwi ana kaitané karo apa sing dipikirké. Dadi, nèk awaké dhéwé mbantu anak-anak fokus karo bab sing apik, anak-anak isa dadi luwih tenang.”​—Lourdes.

    Kandhané Alkitab: ”Atiné wong wicaksana minteraké cangkemé, lan marakaké lambéné luwih bisa ngyakinké.”​—Wulang Bebasan 16:23.

a Merga wedi anak-anak mungkin nganti ngompol, ora wani mangkat sekolah, utawa ora wani adoh saka wong tuwa.