Langsung mlebu

Kenapa Gusti Allah Meneng Waé Pas Partai Nazi Matèni Wong-Wong Yahudi?

Kenapa Gusti Allah Meneng Waé Pas Partai Nazi Matèni Wong-Wong Yahudi?

 Pas Perang Donya II, partai Nazi ing Jerman matèni wong Yahudi akèh banget. Peristiwa kuwi disebut Holocaust. Wong-wong sing keluargané dadi korban péngin ngerti kenapa Gusti Allah meneng waé wektu peristiwa kuwi kelakon. Wong-wong kuwi ya péngin éntuk penghiburan. Sing liyané nganggep nèk peristiwa kuwi kejem banget lan mikir nèk Gusti Allah ora ana.

Pendapat soal Gusti Allah lan Holocaust

 Sing salah: Awaké dhéwé ora éntuk takon kenapa Gusti Allah meneng waé wektu ana Holocaust.

 Sing bener: Wong-wong sing nduwé iman ya tau takon kenapa Gusti Allah meneng waé wektu ana kejahatan. Misalé, nabi Habakuk tau takon karo Gusti Allah, ”Ngapa kok Njenengan meneng waé wektu ana sing nindhes liyané? Ana akèh kehancuran, lan kejahatan ing ngarepku.” (Habakuk 1:3) Gusti Allah ora nesu karo Habakuk. Malah, pertanyaané Habakuk mau ditulis ing Alkitab.

 Sing salah: Gusti Allah ora perduli karo kesusahané manungsa.

 Sing bener: Gusti Allah sengit nèk ana sing jahat karo wong liya. (Wulang Bebasan 6:16-19) Misalé pas jamané Nuh, Gusti Allah ”lara ati” merga ana akèh kejahatan ing bumi. (Purwaning Dumadi 6:5, 6) Dadi, Gusti Allah mesthi sedhih banget wektu ana Holocaust.​—Maléakhi 3:6.

 Sing salah: Holocaust kuwi hukuman saka Gusti Allah kanggo wong Yahudi.

 Sing bener: Mbiyèn pas taun 70 M, Gusti Allah mémang tau ngukum wong Yahudi pas Yérusalèm dihancurké karo wong Roma. (Matius 23:37–24:2) Tapi sakwisé kuwi, Gusti Allah ora tau ngukum bangsa tertentu. Gusti Allah ya ora tau nganggep bangsa tertentu luwih istiméwa timbang bangsa liyané. Kanggoné Gusti Allah, ”ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani”.​—Roma 10:12.

 Sing salah: Nèk Gusti Allah kuwi nduwé kuwasa lan sayang karo manungsa, kuduné ora nganti ana Holocaust.

 Sing bener: Mémang Gusti Allah kadhang ora langsung nyingkirké kesusahan. Tapi, kuwi ora berarti Gusti Allah sing nyebabké kesusahan.​—Yakobus 1:13; 5:11.

Ngapa kok Gusti Allah meneng waé wektu ana Holocaust?

 Ing Alkitab disebutké nèk saiki sing nguwasani donya kuwi Sétan dudu Gusti Allah. Mula, Gusti Allah ora langsung nyingkirké kesusahané manungsa termasuk Holocaust. (Lukas 4:1, 2, 6; Yohanes 12:31) Terus, ing Alkitab ya ana alesan liyané kenapa Gusti Allah ora langsung nyingkirké Holocaust.

  1.   Gusti Allah ora tau meksa bèn manungsa manut karo Dhèwèké. Gusti Allah ngekèki préntah kanggo Adam lan Hawa, tapi Gusti Allah ora tau meksa wong loro kuwi bèn manut. Sayangé, Adam lan Hawa ora gelem manut. Wong loro kuwi péngin mutuské dhéwé endi sing bener lan sing salah. Akibaté, kabèh keturunané dadi sengsara. Akèh wong saiki ya nggawé keputusan sing salah. Mula ana akèh kesusahan. (Purwaning Dumadi 2:17; 3:6; Roma 5:12) Ing buku Statement of Principles of Conservative Judaism disebutké nèk ”kesusahan sing dialami manungsa saiki, kuwi merga manungsa sak karepé dhéwé”. Tapi, Gusti Allah tetep ora meksa bèn manungsa manut karo Dhèwèké. Gusti Allah ngekèki kesempatan bèn manungsa ngatur uripé nganggo carané dhéwé.

  2.   Gusti Allah isa lan bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Gusti Allah janji nèk jutaan wong sing wis mati, termasuk wong-wong sing mati merga Holocaust, bakal diuripké manèh. Gusti Allah ya janji nèk wong-wong sing slamet saka peristiwa kuwi ora bakal ngrasa wedi manèh. (Yésaya 65:17; Kisah 24:15) Awaké dhéwé isa percaya karo janji kuwi merga Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé.​—Yohanes 3:16.

 Akèh korban Holocaust isa tetep nduwé iman merga ngerti alesané kenapa Gusti Allah ora langsung nyingkirké kejahatan. Wong-wong kuwi ya isa tetep bahagia merga ngerti nèk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan.