Langsung mlebu

Yéhuwah Kuwi Sapa?

Yéhuwah Kuwi Sapa?

Jawaban ing Alkitab

 Ing Alkitab, Gusti Allah sing bener jenengé Yéhuwah. Dhèwèké sing nyiptakké sak kabèhé. (Wahyu 4:​11) Dhèwèké Gusti Allahé Abraham, Musa, karo Yésus. (Purwaning Dumadi 24:27; Pangentasan 15:1, 2; Yohanes 20:17) Dhèwèké Gusti Allahé kabèh wong ing ”bumi”.​—Mazmur 47:2.

 Menurut Alkitab, mung Yéhuwah sing nduwé jeneng kuwi. (Pangentasan 3:​15; Mazmur 83:18) Jeneng Yéhuwah asalé saka kata kerja Ibrani sing artiné ”dadi”. Para ahli ngomong nèk jeneng kuwi artiné ”Dhèwèké sing Nyebabké Dadi”. Jeneng kuwi cocog soalé Yéhuwah sing nyiptakké sak kabèhé, terus Dhèwèké ya isa nggawé kabèh sing dikarepké kelakon. (Yésaya 55:10, 11) Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti soal Yéhuwah lan sifaté sing paling utama, yaiku katresnan.—Pangentasan 34:5-7; Lukas 6:35; 1 Yohanes 4:8.

 Jenengé Gusti Allah ing basa Ibrani ana patang huruf יהוה (YHWH) sing disebut Tetragramaton. Ing basa Jawa, jeneng kuwi diterjemahké dadi Yéhuwah. Awaké dhéwé saiki ora ngerti carané ngucapké jeneng kuwi ing basa Ibrani kuna, tapi jeneng kuwi wis suwé disebut ing basa-basa liya, termasuk basa Jawa. a

Ngapa kok ora ana sing ngerti persisé carané ngucapké jenengé Gusti Allah ing basa Ibrani kuna?

 Basa Ibrani kuna ditulis nganggo huruf mati, ora ana huruf hidupé. Pas maca, wong sing nganggo basa Ibrani isa langsung mènèhi huruf hidup. Tapi, sakwisé Kitab-Kitab Ibrani (”Perjanjian Lawas”) rampung ditulis, ana wong-wong Yahudi sing percaya ajaran nèk ora éntuk nyebut jenengé Gusti Allah. Pas maca ayat sing ana jenengé Gusti Allah, langsung diganti nganggo sebutan ”Gusti”, utawa ”Gusti Allah”. Suwé-suwé, ana akèh sing ya mèlu mikir kaya ngono. Akhiré ora ana sing ngerti persisé carané ngucapké jeneng kuwi. b

 Ana sing ngucapké jenengé Gusti Allah ”Yahwèh”, ning liyané ngucapkéné béda manèh. Ing gulungan Laut Mati, ana kitab Kaimaman nganggo basa Yunani sing nerjemahké jenengé Gusti Allah dadi Iao. Para penulis Yunani jaman mbiyèn ngucapkéné Iae, I·a·beʹ, lan I·a·ou·eʹ, tapi awaké dhéwé ora ngerti persisé carané ngucapké jeneng kuwi ing basa Ibrani kuna. c

Pendapat soal jenengé Gusti Allah ing Alkitab

 Sing salah: Jeneng ”Yéhuwah” sakjané ora ana ing Alkitab. Kuwi jeneng sing digawé para penerjemah.

 Sing bener: Jenengé Gusti Allah ing basa Ibrani ditulis mèh ping 7.000 ing Alkitab. d Akèh penerjemah ngganti jenengé Gusti Allah nganggo sebutan ”Gusti”.

 Sing salah: Gusti Allah sing Mahakuwasa ora perlu nduwé jeneng.

 Sing bener: Gusti Allah ngongkon bèn jenengé ditulis ing Alkitab nganti ping bola-bali. Dhèwèké ya ngongkon bèn umaté nyebut jenengé. (Yésaya 42:8; Yoèl 2:​32; Maléakhi 3:​16; Roma 10:13) Malah, Gusti Allah nesu karo nabi-nabi palsu sing nggawé umaté nglalèkké jenengé Gusti Allah.​—Yérémia 23:27.

 Sing salah: Kaya kebiasaané wong Yahudi, kuduné jenengé Gusti Allah ora ana ing Alkitab.

 Sing bener: Mémang ana wong Yahudi sing ora gelem nyebut jenengé Gusti Allah, tapi jeneng kuwi tetep ana ing Alkitabé. Gusti Allah ora péngin awaké dhéwé mèlu-mèlu ajarané manungsa sing ora sesuai karo préntahé.​—Matius 15:​1-3.

 Sing salah: Jenengé Gusti Allah kuduné ora ana ing Alkitab soalé ora ngerti carané ngucapké jeneng kuwi ing basa Ibrani.

 Sing bener: Wong nduwé pendapat kaya ngono merga mikir nèk jenengé Gusti Allah kudu diucapké padha karo basa Ibraniné. Tapi menurut Alkitab, umaté Gusti Allah jaman mbiyèn nyebut jenengé wong béda-béda sesuai karo basané dhéwé-dhéwé.

 Contoné jeneng Yosua, hakim ing Israèl. Murid-muridé Yésus jaman mbiyèn sing nganggo basa Ibrani nyebut jeneng Yosua Yehoh·shuʹaʽ, tapi sing nganggo basa Yunani nyebuté I·e·sousʹ. Jeneng kuwi loro-loroné ana ing Alkitab. Kuwi bukti nèk wong Kristen ngundang jenengé wong sesuai karo basané dhéwé-dhéwé.​—Kisah 7:​45; Ibrani 4:8.

 Wektu nerjemahké jenengé Gusti Allah ya kaya ngono. Sing penting dudu carané ngucapké, tapi jeneng kuwi kudu tetep ana ing Alkitab.

a Contoné, ing Alkitab basa Jawa terjemahan Pieter Jansz édhisi révisi sing diterbitke taun 1849, jeneng ”Yéhuwah” ana ing Perjanjian Lawas. Ing Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi sing diterbitké Lembaga Alkitab Indonesia taun 1981, jeneng ”Yéhuwah” ya ana ing Perjanjian Lawas. Alkitab kuwi sing paling umum digunakké wong-wong sing ngomong nganggo basa Jawa. Ing Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan, jeneng ”Yéhuwah” ana ing limang ayat, yaiku Kaimaman 19:36, 1 Samuèl 2:2, 1 Para Raja 13:2, lan 2 Para Raja 18:30; 24:4. Lagu-lagu basa Jawa sing dinyanyèkké ing gréja ya ana sing nyebut jeneng ”Yéhuwah”, contoné ing Kidung Pasamuwan Jawi.

b Ing The New Catholic Encyclopedia, Édhisi Keloro, Jilid 14, halaman 883-​884, ana keterangan: ”Sakwisé wong Yahudi bali saka Babilon, jeneng Yahwèh dianggep suci, makané diganti nganggo sebutan ADONAI utawa ELOHIM.”

c Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, wacanen lampiran A4 ”Jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Ibrani” ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

d Wacanen buku Theological Lexicon of the Old Testament, Jilid 2, halaman 523-​524.