Injil Matius 15:1-39
15 Terus, ana wong Farisi lan ahli Taurat+ teka saka Yérusalèm nemoni Yésus. Wong-wong kuwi kandha,
2 ”Ngapa kok murid-muridmu nglanggar tradhisiné nènèk moyang? Contoné, murid-muridmu ora wisuh* sakdurungé mangan.”+
3 Yésus njawab, ”Lha kowé, ngapa kok kowé nglanggar préntahé Gusti Allah merga tradhisimu?+
4 Contoné, Gusti Allah ngomong, ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’+ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’+
5 Ning kowé kandha, ’Nèk ana wong sing ngomong karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu wis tak wènèhké dadi korban marang Gusti Allah,”+
6 wong kuwi ora perlu manèh ngajèni bapak lan ibuné.’ Dadi, kowé ngrèmèhké omongané Gusti Allah merga tradhisimu.+
7 Kowé kuwi wong munafik. Pancèn bener sing diramalké Nabi Yésaya soal kowé,+
8 ’Umat iki kandha nèk ngajèni Aku, tapi ora tenanan saka atiné.
9 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga wong-wong kuwi ngakuné mulangké préntah-Ku ning malah mulangké préntahé manungsa.’”+
10 Terus, Yésus ngongkon wong-wong ing kono nyedhak. Yésus kandha, ”Kowé kudu ngrungokké lan paham soal iki:+
11 Sing nggawé wong dadi najis kuwi dudu apa sing mlebu ing cangkemé, ning apa sing metu saka cangkemé.”+
12 Murid-murid kandha marang Yésus, ”Apa njenengan ngerti nèk wong Farisi tersinggung karo omongané njenengan?”+
13 Yésus njawab, ”Saben tanduran sing ora ditandur karo Bapakku ing swarga bakal dicabut.
14 Wong-wong kuwi ora usah mbok urusi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.”+
15 Pétrus kandha, ”Tulung terangna artiné perumpamaan kuwi.”
16 Yésus kandha, ”Apa kowé isih durung ngerti?+
17 Apa kowé ora ngerti nèk kabèh sing mlebu cangkem bakal mudhun liwat weteng lan dibuwang ing jamban?*
18 Ning, kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati. Kuwi sing nggawé wong dadi najis.+
19 Contoné, saka ati metu kabèh pikiran jahat+ sing nyebabké wong matèni, laku jina, nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* nyolong, mènèhi keterangan sing ora bener, lan ngucapké omongan sing ngrèmèhké.
20 Kuwi sing nggawé wong dadi najis. Ning nèk mangan ora wisuh* sik, kuwi ora nggawé wong dadi najis.”
21 Saka kono, Yésus lunga menyang dhaérah Tirus lan Sidon.+
22 Ana wong wédok Fénisia saka dhaérah kuwi teka lan mbengok, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku. Anakku wédok sengsara banget merga kesurupan roh jahat.”+
23 Ning, Yésus meneng waé. Mula murid-muridé kandha, ”Gusti, kongkonen wong wédok kuwi lunga waé timbang dhèwèké bengok-bengok ngetutké awaké dhéwé.”
24 Yésus kandha, ”Aku mung diutus marang wong Israèl sing kaya domba sing kesasar.”+
25 Ning, wong wédok kuwi sujud lan kandha, ”Gusti, aku njaluk tulung.”
26 Yésus njawab, ”Ora apik nèk rotiné bocah-bocah dijupuk, terus diwènèhké anak asu.”
27 Wong wédok kuwi njawab, ”Bener Gusti, ning sakjané anak-anak asu mangan rontokan roti sing tiba saka méja majikané.”+
28 Yésus njawab, ”Imanmu gedhé banget. Apa sing mbok péngini bakal kelakon.” Wektu kuwi, anaké wédok langsung mari.
29 Saka kono, Yésus lunga ing cedhaké Laut Galiléa.+ Terus, Yésus munggah gunung lan lungguh ing kono.
30 Akèh wong marani Yésus lan nggawa wong sing lumpuh, cacad, wuta, bisu, lan liyané. Wong-wong kuwi digawa ing cedhak sikilé Yésus lan dimarèkké karo Yésus.+
31 Akèh wong kagum ndelok wong bisu isa ngomong, wong cacad séhat manèh, wong lumpuh isa mlaku, lan wong wuta isa ndelok. Wong-wong kuwi ngluhurké Gusti Allahé Israèl.+
32 Bar kuwi, Yésus ngundang* murid-muridé lan ngomong, ”Aku mesakké karo akèh wong iki.+ Wis telung dina wong-wong iki ngetutké aku lan saiki wis ora nduwé panganan. Aku ora téga ngongkon wong-wong iki mulih nèk wetengé ngelih,* mengko wong-wong iki isa semaput ing dalan.”+
33 Ning, murid-muridé ngomong, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Lha terus piyé carané isa éntuk cukup roti kanggo mènèhi mangan wong seméné akèhé?”+
34 Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu, lan ana iwak-iwak cilik ning mung sithik.”
35 Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah,
36 Yésus njupuk roti pitu lan iwak-iwak kuwi. Bar ndonga ngucap syukur, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé. Terus, murid-muridé ngedumké kuwi marang wong-wong.+
37 Kabèh wong mangan nganti wareg. Murid-murid nglumpukké sisané lan akèhé nganti pitung kranjang gedhé.*+
38 Wektu kuwi, jumlahé wong sing mangan ana wong lanang 4.000, durung termasuk wong wédok lan bocah-bocah.
39 Akhiré, sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus numpak prau, terus lunga ing dhaérah Magadan.+
Katrangan Tambahan
^ Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
^ Utawa ”sing ngunèk-unèkké”.
^ Utawa ”toilèt”.
^ Bentuk jamak kata Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.
^ Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
^ Utawa ”luwé”.
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Utawa ”kranjang perbekalan”.