Injil Matius 7:1-29

  • CERAMAH ING GUNUNG (1-27)

    • Aja ngadili manèh (1-6)

    • Terusa njaluk, nggolèk, lan dhodhog-dhodhog (7-11)

    • Aturan Emas (12)

    • Gerbang sing sempit (13, 14)

    • Kétok saka buahé (15-23)

    • Omah ing ndhuwur watu lan omah ing ndhuwur pasir (24-27)

  • Kumpulan wong kagum karo carané Yésus mulang (28, 29)

7  ”Aja ngadili wong manèh+ supaya kowé ora diadili,  merga kowé bakal diadili nurut caramu ngadili.+ Wong liya ya bakal tumindak marang kowé nurut caramu tumindak marang wong liya.*+  Dadi, ngapa kok kowé ndelok jerami ing mripaté sedulurmu, ning ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé?+  Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak jupuké jerami ing mripatmu,’ padahal ana balok kayu ing mripatmu dhéwé?  Hé wong munafik, etokna dhisik balok kayu saka mripatmu, bar kuwi kowé lagi isa ndelok cetha lan njupuk jerami ing mripaté sedulurmu.  ”Aja mènèhké apa sing suci marang asu, lan aja nguncalké mutiaramu marang babi,+ merga kuwi mung bakal diidak-idak, lan kéwan-kéwan kuwi bakal nyerang kowé.  ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi.+ Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.+  Saben wong sing njaluk bakal nampa,+ saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang.  Apa ana ing antaramu sing dijaluki roti anaké malah mènèhi watu, 10  utawa nèk dijaluki iwak malah mènèhi ula? 11  Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal mènèhi apa sing apik+ kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké.+ 12  ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.+ Sakjané, kuwi intiné Taurat lan Tulisané Para Nabi.+ 13  ”Mlebua liwat gerbang sing sempit,+ merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah ing kematian,* lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. 14  Ning, gerbang sing sempit lan dalan sing sempit kuwi ngarah ing urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.+ 15  ”Kowé kudu waspada karo nabi-nabi palsu+ sing marani kowé.+ Wong-wong kuwi éthok-éthok dadi domba, padahal asliné serigala sing rakus.+ 16  Kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé.* Suket eri ora bakal ngasilké buah anggur utawa buah ara, ta?+ 17  Wit sing apik bakal ngasilké buah sing apik, lan wit sing èlèk bakal ngasilké buah sing èlèk.+ 18  Wit sing apik ora isa ngasilké buah sing èlèk. Wit sing èlèk ora isa ngasilké buah sing apik.+ 19  Saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong.+ 20  Dadi, kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé.+ 21  ”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kerajaan swarga. Ning, mung wong sing nindakké karepé Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana.+ 22  Pas dina kuwi, bakal ana akèh wong sing kandha, ’Gusti, Gusti,+ aku kan wis ngramal nganggo jenengmu, ngusir roh-roh jahat nganggo jenengmu, lan nindakké akèh mukjijat nganggo jenengmu, ta?’+ 23  Ning, aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé. Lungaa kana, hé kowé wong-wong sing nglanggar hukum.’+ 24  ”Mula, saben wong sing ngrungokké lan nindakké omonganku iki bakal kaya wong wicaksana* sing mbangun omahé ing ndhuwur watu.+ 25  Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé, omah kuwi ora ambruk merga dibangun ing ndhuwur watu. 26  Ning, saben wong sing ngrungokké omonganku iki ning ora gelem nindakké bakal kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir.+ 27  Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé, omah kuwi ambruk+ lan remuk kabèh.” 28  Sakwisé Yésus rampung ngomongké kuwi kabèh, kumpulan wong kuwi kagum karo carané Yésus mulang,+ 29  merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah,+ ora kaya para ahli Taurat.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Kowé ya bakal ditaker nganggo takeran sing mbok enggo naker wong liya”.
Lit.: ”kehancuran”.
Utawa ”tumindaké”.