Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB NEMBELAS

Dhèwèké Wicaksana lan Lila Toh Nyawa

Dhèwèké Wicaksana lan Lila Toh Nyawa

1-3. (a) Kaya apa perasaané Èster wektu nyedhaki tahtané bojoné? (b) Piyé tanggepané raja wektu Èster teka tanpa diundang?

ÈSTER mlaku alon-alon nyedhaki tahtané raja, dhèwèké dheg-dhegan banget. Bayangna kahanan iki, ruangan gedhé kraton Pèrsia ing Susan ujug-ujug dadi sepi. Saking sepiné nganti Èster isa krungu swara langkahé dhéwé, lan swara klambi pramèswariné sing kemrincing. Dhèwèké ora olèh keslimur karo kemegahané pendhapa kraton raja kuwi, pilar-pilaré sing apik, lan plafon kraton saka kayu aras Libanon sing diukir éndah banget. Pikirané Èster mung marang wong lanang sing lungguh ing tahtané, sing nemtokké urip lan matiné.

2 Raja nggatèkké tenanan wektu Èster saya nyedhak, terus ngethungké tongkat emasé. Senajan kétoké mung ngethungké, nanging kuwi tegesé kaslametan kanggo Èster. Merga kuwi tandha nèk raja ngapurani tumindaké Èster sing salah, yaiku ngadhep raja tanpa diundang. Wektu wis ing ngarepé tahta raja, Èster ngulungké tangané lan ndemèk pucuké tongkat emas kuwi kanggo nduduhké rasa matur nuwun.—Ès. 5:1, 2.

Èster andhap asor nduduhké matur nuwun merga welas asihé raja

3 Raja Ahasywéros kuwi sugih lan nduwé kuwasa sing gedhé banget. Regané jubah raja-raja Pèrsia wektu kuwi kétoké padha karo atusan yuta dolar AS jaman saiki. Nanging, saka carané bojoné ndeloki, Èster isa ngerti nèk raja nresnani dhèwèké. Raja kandha, ”Pramèswari Èster, apa karepmu, sarta apa panyuwunira? Mesthi bakal kaparingaké, sanadyan ngantia saparoning karajan.”—Ès. 5:3.

4. Èster ngadhepi tantangan apa manèh?

4 Èster wis nduduhké iman lan sipat kendel sing nggumunké. Dhèwèké ngadhep raja kanggo nglindhungi bangsané sing rencanané arep ditumpes. Senajan raja wis gelem nampa dhèwèké wektu mara, nanging isih ana tantangan angèl sing kudu diadhepi. Èster kudu ngyakinké raja sing sombong iki nèk penaséhaté sing dipercaya kuwi jahat lan wis ngapusi raja bèn numpes bangsa asalé Èster. Piyé carané Èster nggawé raja yakin, lan apa sing isa disinaoni saka imané Èster?

Wicaksana Milih Wektu kanggo Ngomong

5, 6. (a) Piyé Èster ngetrapké pathokan ing Kohèlèt 3:1, 7? (b) Piyé kawicaksanané Èster diduduhké wektu dhèwèké ngomong karo bojoné?

5 Apa luwih apik nèk Èster ngomongké kabèh masalahé langsung wektu kuwi, ing ngarepé para pejabat kraton? Kuwi isa nggawé raja isin, malah uga mènèhi kesempatan Haman, penaséhaté raja, kanggo mbantah tudhuhané Èster. Dadi, apa sing Èster tindakké? Atusan taun sakdurungé, Raja Suléman sing wicaksana nulis, ”Samubarang kabèh iku ana wayahé, . . . ana wayahé meneng, ana wayahé caturan [utawa, omongan].” (Ko. 3:1, 7) Isa dibayangké, wektu Èster saya gedhé, Mordekhai, bapak angkaté Èster sing setya, mulang pathokan kuwi marang dhèwèké. Èster mesthi ngerti pentingé milih wektu sing cocog kanggo ngomong.

6 Èster ngomong, ”Manawi wonten keparenging karsa dalem, Sang Prabu mugi nedhaki ing bujana ingkang badhé kawula saosaken kagem ing panjenengan dalem ing dinten punika, kaliyan malih Haman mugi kalilana ndhèrèk.” (Ès. 5:4) Raja setuju lan Haman diundang. Apa panjenengan ndelok kawicaksanané Èster? Dhèwèké njaga martabaté bojoné uga ngatur bèn kahanané luwih cocog kanggo ngomongké masalahé.​—Wacanen Wulang Bebasan 10:19.

7, 8. Kaya apa acara pèsta sing dianakké Èster, nanging apa sebabé Èster ora sida ngomong karo raja wektu kuwi?

7 Èster mesthi ngati-ati wektu nyiapké acara pèsta kuwi, lan mastèkké bèn kabèh cocog karo senengané bojoné. Ing acara pèsta sing dianakké Èster kuwi ana anggur apik sing disuguhké bèn nggawé kahanané nyenengké. (Ms. 104:15) Merga seneng karo pèsta kuwi, Ahasywéros takon manèh karo Èster apa penjaluké. Apa saiki wektu sing cocog kanggo ngomong?

8 Kanggoné Èster, durung cocog wektuné. Èster malah ngundang raja lan Haman teka manèh ing pèsta sing kapindho ing dina sakbanjuré. (Ès. 5:7, 8) Apa sebabé Èster ora sida ngomong? Élinga, wong Yahudi sakbangsa arep dipatèni merga keputusan sing wis diwetokké raja. Merga iki nyangkut nyawané wong akèh, Èster kudu milih wektu sing cocog. Dadi, Èster nunggu bèn isa nduduhké manèh marang bojoné nèk dhèwèké ngajèni banget bojoné.

9. Sepira ajiné sipat sabar kuwi, lan piyé awaké dhéwé isa niru tuladhané Èster?

9 Sipat sabar kuwi langka lan aji banget. Senajan kuwatir lan péngin cepet nyritakké isi atiné, Èster sabar nunggu wektu sing cocog. Awaké dhéwé isa sinau saka tuladhané Èster, merga awaké dhéwé mesthi kerep ngerti nèk ana masalah sing kudu dibenerké. Nèk kudu ngupaya ngyakinké wong sing nduwé wewenang kanggo ngrampungké masalah, awaké dhéwé isa niru Èster lan tetep sabar. Wulang Bebasan 25:15 kandha, ”Para pangwasa bisa diyakinaké srana kasabaran, ilat kang alus ngremukaké balung.” Nèk sabar nunggu wektu sing cocog lan omongan nganggo cara sing alus, kaya Èster, awaké dhéwé bakal isa ngluluhké atiné wong sing nentang. Apa Yéhuwah, Gusti Allahé Èster, mberkahi sipat sabar lan kawicaksanané Èster?

Kaadilan Hasil saka Sipat Sabar

10, 11. Apa sebabé Haman dadi nesu sakwisé mulih saka pèsta sing kapisan, lan bojo uga kanca-kancané Haman ngongkon dhèwèké nindakké apa?

10 Merga Èster sabar, akèh kedadéan-kedadéan sing nggumunké kelakon sakbanjuré. Haman mulih saka pèsta sing kapisan ”kalawan rena lan gambira panggalihé” merga dhèwèké rumangsa nèk raja lan ratu seneng karo dhèwèké. Nanging wektu liwat gapurané kraton, Haman ujug-ujug ndelok Mordekhai, wong Yahudi sing tetep ora gelem sujud marang dhèwèké. Kaya sing wis awaké dhéwé waca ing bab sakdurungé, alesané Mordekhai dudu merga ora ngajèni, nanging merga luwih mentingké hati nuraniné lan hubungané karo Allah Yéhuwah. Mula, kuwi nyebabké atiné Haman dadi ”bentèr [utawa, panas] banget”.—Ès. 5:9.

11 Wektu Haman ngandhani bojo lan kanca-kancané bab tumindaké Mordekhai sing marahi dhèwèké nesu, wong-wong kuwi ngongkon Haman nggawé cagak sing dhuwuré luwih saka 22 mèter, lan njaluk ijin marang raja kanggo nggantung Mordekhai ing kana. Haman seneng karo idé kuwi lan terus ditindakké.—Ès. 5:12-14.

12. Apa sebabé raja ngongkon bèn cathetan sejarahé kraton diwacakké, lan kuwi nggawé raja dadi ngerti apa?

12 Alkitab kandha, ”Sang Prabu ora bisa saré” ing wengi kuwi. Mula dhèwèké ngongkon bèn cathetan sejarahé kraton diwacakké. Ing cathetan kuwi, ana laporan bab rencana wong-wong sing arep matèni Ahasywéros. Raja éling karo kedadéan kuwi. Wong-wong sing arep matèni raja akiré dicekel lan diukum. Nanging kanggo wong sing wis mbongkar rencana kuwi, yaiku Mordekhai, raja takon pakurmatan apa sing wis dikèkké kanggo Mordekhai? Raja kagèt merga Mordekhai jebulé ora dihadiahi apa-apa.​—Wacanen Èster 6:1-3.

13, 14. (a) Critakna kedadéan sing nyebabké atiné Haman dadi susah. (b) Apa sing dikandhakké bojo lan kanca-kancané Haman?

13 Raja nesu lan takon sapa sing isa mbantu raja ngrampungké masalah iki. Sapa manèh nèk dudu Haman, sing ésuk-ésuk banget wis ana ing kraton. Kayané Haman wis ora sabar éntuk ijin matèni Mordekhai. Nanging, sakdurungé Haman ngomongké karepé, raja takon apa cara sing paling apik kanggo ngajèni wong sing disenengi raja. Haman ngira nèk wong kuwi dhèwèké. Mula, Haman ngrancang acara istiméwa. Yaiku: Wènèhana wong kuwi jubah kerajaan, terus ana pejabat sing ngarak wong kuwi ngubengi Susan nunggang jaran duwèké raja, karo ngumandhangké omongan pakurmatan ing ngarepé wong akèh. Bayangna rupané Haman wektu ngerti nèk wong kuwi jebulé Mordekhai. Lan sing ditugasi raja ngumandhangké omongan pakurmatan kanggo Mordekhai yaiku Haman.—Ès. 6:4-10.

14 Haman nindakké tugas sing ora nyenengké kuwi karo nggrundel, banjur kesusu mulih menyang omahé. Atiné Haman dadi susah banget. Bojo lan kanca-kancané kandha nèk kedadéan kuwi pratandha ala, Haman ora bakal menang nglawan Mordekhai wong Yahudi kuwi.—Ès. 6:12, 13.

15. (a) Apa hasil apik merga Èster sabar? (b) Apa sebabé sabar ngentèni kuwi tumindak sing wicaksana?

15 Merga Èster sabar lan gelem nunggu sedina manèh kanggo ngomongké penjaluké, Haman nggawé rencana sing malah ngisin-isinké Haman dhéwé. Lan, isa waé sing nggawé raja ora isa turu kuwi Yéhuwah. (WB. 21:1) Mula, Alkitab kandha awaké dhéwé kudu ”nganti-anti [utawa, sabar ngentèni]”. (Wacanen Mikha 7:7.) Nèk sabar ngentèni Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngerti nèk masalah sing lagi diadhepi bakal dirampungké nganggo carané Yéhuwah, sing mesthi luwih apik ketimbang rencanané awaké dhéwé.

Èster Kendel Ngomongké Apa sing Bener

16, 17. (a) Kapan wektu sing cocog kanggo Èster ngomong? (b) Apa buktiné nèk Èster béda karo Wasti?

16 Èster ora péngin nggawé raja saya ora sabar. Ing pèsta sing kapindho, dhèwèké kudu nyritakké kabèh. Nanging, piyé carané? Jebulé, ing pèsta kuwi, raja mènèhi kesempatan Èster ngomongké penjaluké. (Ès. 7:2) Iki wektu sing cocog kanggo Èster ngomong.

17 Coba bayangna, sakwisé ndonga dibatin Èster terus kandha, ”Menawi kawula ndamel bungah manah [utawa, ati] panjenengan, dhuh raja, lan menawi panyuwun kawula punika saé kagem raja, kawula nyuwun tulung kaslametan kagem nyawa kawula lan bangsa kawula amargi punika ingkang dados panyuwun kawula.” (Ès. 7:3, NW) Sing kapisan ditindakké Èster yaiku ngyakinké raja nèk Èster ngajèni pendhapaté raja. Èster béda banget karo Wasti sing malah sengaja ngisin-isinké bojoné. (Ès. 1:10-12) Sakliyané kuwi, Èster uga ora nyalahké raja merga wis percaya karo Haman. Èster mung njaluk bèn raja nglindhungi dhèwèké saka bebaya arep dipatèni.

18. Piyé Èster nyritakké masalahé marang raja?

18 Raja mesthi kagèt banget wektu krungu penjaluké Èster. Sapa sing wani nggawé cilaka ratuné? Èster terus kandha, ”Amargi kawula sampun sami kasadé, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhé katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasadé saha kadadosaken réncang jaler kaliyan èstri, kawula mesthi kèndel kémawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.” (Ès. 7:4) Gatèkna nèk Èster blaka wektu nyritakké masalahé. Dhèwèké uga kandha, nèk mung masalah didadèkké batur waé dhèwèké ora bakal tumindak. Nanging, masalah iki isa nggawé raja rugi nèk Èster ora crita, merga wong sakbangsa arep dipatèni.

19. Apa sing isa disinaoni saka Èster wektu arep ngyakinké wong liya?

19 Tuladhané Èster mulang awaké dhéwé wektu arep ngyakinké wong liya. Nèk panjenengan kudu njelaské masalah sérius karo wong sing panjenengan tresnani, utawa karo pamréntah, panjenengan kudu sabar, ngajèni, lan blaka.​—WB. 16:21, 23.

20, 21. (a) Piyé Èster mbukak rencana jahaté Haman, lan piyé tanggepané raja? (b) Apa sing ditindakké Haman sakwisé konangan dadi wong sing munafik?

20 Ahasywéros takon, ”Iku sapa? Ana ing ngendi wongé, kang duwé pangarah mangkono ing sajroning atiné?” Bayangna Èster langsung nduding Haman, lan kandha, ”Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Kahanané dadi tegang. Haman wedi banget. Bayangna rupané raja sing nesunan iki dadi abang mbranang, merga ngerti nèk penaséhaté sing dipercaya malah ngakali raja bèn nandhatangani préntah sing marahi ratuné sing ditresnani kuwi mati. Raja langsung menyang taman ing kraton bèn atiné tenang.—Ès. 7:5-7.

Èster kendel wektu mbukak rencana jahaté Haman

21 Sakwisé konangan nèk Haman kuwi wong sing munafik, dhèwèké banjur ngrubuhké awaké ing sikilé ratu. Wektu mlebu manèh ing ruang jamuan, raja ndelok Haman ing dipané ratu lagi nyembah-nyembah njaluk ngapura. Raja saya nesu lan nudhuh Haman arep merkosa ratu ing omahé raja dhéwé, kuwi tandha nèk Haman bener-bener bakal mati. Haman digawa metu lan rainé dikrukubi. Bar kuwi, ana pejabat kraton sing ngandhani raja nèk Haman wis nggawé cagak kanggo nggantung Mordekhai. Ahasywéros terus mréntahké Haman dhéwé sing digantung ing cagak kuwi.—Ès. 7:8-10.

22. Piyé carané tuladhané Èster mbantu awaké dhéwé bèn ora kélangan pengarep-arep lan nduwé iman sing tetep kuwat?

22 Ing ndonya saiki sing akèh tumindak ora adil, awaké dhéwé isa gampang mikir nèk ora bakal ana kaadilan. Apa panjenengan tau ngrasa kaya ngono? Élinga nèk Èster ora tau kélangan pangarep-arep lan imané tetep kuwat. Pas wektuné cocog, Èster kendel ngomongké apa sing bener, lan percaya nèk Yéhuwah bakal nindakké sing adil. Awaké dhéwé saiki uga isa kaya Èster. Merga Yéhuwah ora malih, Yéhuwah mesthi isa nggawé wong jahat lan licik kena akibat merga rancangané dhéwé, kaya sing dialami Haman.​—Wacanen Jabur 7:12-17.

Dhèwèké Luwih Mentingké Yéhuwah lan Umaté

23. (a) Raja mènèhi hadiah apa marang Mordekhai lan Èster? (b) Piyé ramalané Yakub kanggo Bènyamin kelakon? (Deloken kothak ”Ramalan sing Kelakon”.)

23 Akiré, raja ngerti sapa sejatiné Mordekhai. Mordekhai kuwi ora mung wong sing setya nglindhungi raja saka rencana jahat, nanging uga bapak angkaté Èster. Akiré Ahasywéros mènèhi Mordekhai jabatan dadi perdana menteri, nggantèni Haman. Banjur raja mènèhi Èster omahé Haman, klebu bandhané sing akèh. Èster ngongkon Mordekhai ngawasi kuwi.—Ès. 8:1, 2.

24, 25. (a) Apa sebabé Èster isih kuwatir senajan rencana jahaté Haman wis konangan? (b) Piyé Èster toh nyawa manèh?

24 Saiki, sakwisé Èster lan Mordekhai bébas saka bebaya, apa Èster wis ora kuwatir? Nèk Èster mung mikirké kepentingané dhéwé, dhèwèké bakal kaya ngono. Nanging wektu kuwi, keputusan raja kanggo matèni kabèh wong Yahudi wis kebacut dikirim ing saben wilayah ing kraton Pèrsia. Haman wis mbuwang undhi, utawa Pur, salah siji bentuk spiritisme, kanggo nemtokké dina sing pas nindakké rencana jahaté. (Ès. 9:24-26) Senajan isih pirang-pirang sasi, nanging dina kuwi bakal cepet tekané. Apa bencana kuwi isa dicegah?

25 Merga ora mikirké kepentingané dhéwé, Èster gelem toh nyawa manèh kanggo ngadhep raja tanpa diundang. Saiki, Èster nangis kanggo bangsané, njaluk tulung bèn bojoné mbatalké keputusan kuwi. Nanging, hukum sing wis diwetokké nganggo jeneng raja Pèrsia ora isa dibatalké. (Dn. 6:12, 15) Mula, raja mènèhi wewenang Èster lan Mordekhai kanggo nggawé hukum anyar. Wara-wara sing kapindho dikirim, sing isiné wong Yahudi éntuk nglawan wektu diserang. Kabar iki dikirimké cepet banget ing saben wilayah kraton Pèrsia. Iki kabar apik kanggo wong Yahudi. Saiki ana pangarep-arep. (Ès. 8:3-16) Bayangna wong Yahudi ing wilayah kuwi mulai nyiapké senjata lan siyap-siyap perang. Iki ora mungkin ditindakké nèk ora ana hukum sing anyar kuwi. Nanging sing luwih penting, apa ”Yéhuwah Sing Nduwé Pasukan Malaékat” bakal ngayomi umaté?​—1 Sa. 17:45, NW.

Èster lan Mordekhai ngirim wara-wara marang wong Yahudi ing wilayah kraton Pèrsia

26, 27. (a) Sepira tuntasé kemenangan sing Yéhuwah paringké marang umaté? (b) Ramalan apa sing kelakon wektu anak-anaké Haman dipatèni?

26 Wektu dina sing wis ditemtokké teka, umaté Allah wis siyap. Malah akèh pejabat Pèrsia saiki mbéla wong Yahudi, merga kabar bab menteri sing anyar, yaiku Mordekhai kuwi wong Yahudi, wis kesebar ana ing ngendi-endi. Yéhuwah nggawé umaté menang. Yéhuwah mesthi nglindhungi umaté saka panganiaya sing kejem, carané yaiku nggawé mungsuh-mungsuhé umaté kalah mutlak. *Ès. 9:1-6.

27 Sakliyané kuwi, Mordekhai ora isa tenang ngawasi omahé Haman nèk sepuluh anak-anaké Haman sing jahat isih urip. Mula, wong-wong kuwi akiré ya dipatèni. (Ès. 9:7-10) Dadi, wis kelakon ramalané Alkitab bab nyirnakké nganti tuntas bangsa Amalèk sing mungsuhi umaté Allah. (PT. 25:17-19) Anak-anaké Haman isa waé klebu ing antarané wong-wong sing kèri dhéwé saka bangsa Amalèk sing dikutuk kuwi.

28, 29. (a) Èster lan bangsané kudu perang, apa sebabé kuwi bagéan saka kersané Yéhuwah? (b) Apa sebabé tuladhané Èster dadi berkah kanggo awaké dhéwé saiki?

28 Senajan isih enom, Èster nduwé tanggung jawab sing gedhé. Contoné Èster kudu nggawé keputusan sing ana hubungané karo perang lan mènèhi hukuman mati. Tanggung jawab kuwi mesthi ora gampang. Nanging, iki bagéan saka kersané Yéhuwah. Merga Sang Mèsih sing wis dijanjèkké bakal teka saka bangsa Israèl, mula Yéhuwah péngin umaté dilindhungi lan ora sirna. Sang Mèsih kuwi siji-sijiné pangarep-arep kanggo manungsa. (Pd. 22:18) Umaté Allah jaman saiki ngerti nèk wiwit Sang Mèsih, yaiku Yésus teka ing bumi, para muridé ora éntuk mèlu perang.​—Mt. 26:52.

29 Senajan ngono, wong Kristen ngadhepi perang liyané. Sétan nduwé tékad kanggo ngrusak imané awaké dhéwé marang Yéhuwah. (Wacanen 2 Korinta 10:3, 4.) Tuladhané Èster bener-bener dadi berkah kanggo awaké dhéwé saiki. Kaya Èster, awaké dhéwé isa nduduhké iman. Carané, tumindak wicaksana lan sabar wektu ngyakinké wong liya, kendel, lan terus mbéla umaté Allah tanpa mikirké kepentingané dhéwé.

^ par. 26 Raja mènèhi sedina manèh kanggo wong Yahudi bèn isa ngalahké mungsuhé nganti tuntas. (Ès. 9:12-14) Nganti ing jaman saiki, wong Yahudi isih mèngeti dina menangé kuwi saben taun ing sasi Adar. Yaiku kira-kira antarané akir Februari lan wiwitan Maret. Jenengé yaiku Riyaya Purim, bentuk jamak saka tembung Pur, yaiku undhi sing digunakké Haman kanggo matèni wong Israèl.