Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 2

Sapa Gusti Allah Kuwi?

Sapa Gusti Allah Kuwi?

1. Apa sebabé manungsa kudu nyembah Gusti Allah?

Gusti Allah iku sing nggawé jagad saisiné. Gusti Allah ora ana wiwitané lan bakal ana saterusé. (Masmur [Jabur] 90:2) Kabar apik sing ana ing Alkitab asalé saka Gusti Allah. (1 Timotius 1:11) Mung Gusti Allah sing kudu disembah merga Gusti Allah iku sing nggawé urip.​—Wacanen Wahyu 4:11.

2. Kaya apa Gusti Allah iku?

Manungsa ora bisa ndelok Gusti Allah merga manggoné ing swarga. (Yohanes [Yokanan] 1:18; 2 Babad 6:27) Sanadyan ora kétok, manungsa bisa ngerti sipaté Gusti Allah saka sing digawé. Contoné, sipaté sing welas asih lan sugih kapinteran kétok saka anané woh-wohan lan kembang sing werna-werna. Gedhé kuwasané kétok saka jembaré jagad.​—Wacanen Rum 1:20.

Awaké dhéwé uga bisa ngerti sipat-sipaté Gusti Allah saka Alkitab. Alkitab nyritakaké tumindaké Gusti Allah. Saka tumindaké iku, awaké dhéwé bisa ngerti sing dadi kersané.​—Wacanen Masmur 103:7-10.

3. Apa Gusti Allah nduwé asma?

Sebutané Gusti Allah akèh banget, nanging asmané mung siji. Gusti Allah ngendika, ”Ingsun iki Yéhuwah, yaiku asmaningSun.” (Yésaya 42:8, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi [BJR]) Saben basa nduwé carané dhéwé-dhéwé kanggo nyebut asmané Gusti Allah. Ing basa Jawa, asmané Gusti Allah iku ”Yéhuwah”. Nanging, ana uga sing nyebut ”Yahwé”.​—Wacanen Masmur 83:19, BJR.

Akèh Alkitab sing wis ngilangaké asmané Gusti Allah, terus diganti karo sebutan Gusti Pangéran utawa Gusti Allah. Nanging, wektu Alkitab ditulis, asmané Gusti Allah dicathet kira-kira ping 7.000. Yésus uga ngandhani wong-wong bab asmané Gusti Allah.​—Wacanen Yohanes 17:26.

Deloken vidéo Apa Gusti Allah Nduwé Asma?

4. Apa Yéhuwah nresnani manungsa?

Kaya bapak sing welas asih iki, Gusti Allah nresnani manungsa

Sanadyan saiki akèh kasusahan ing donya, iku dudu bukti yèn Gusti Yéhuwah ora nresnani manungsa. Nanging, ana sing ngira yèn lagi susah, kuwi tegesé lagi dicoba karo Gusti Allah. Iku ora bener.​—Wacanen Yakobus 1:13.

Gusti Allah maringi manungsa hak kanggo milih arep tumindak apik utawa jahat. Awaké dhéwé mesthi seneng merga éntuk milih tanpa dipeksa. (Yosua [Yusak] 24:15) Nanging, akèh sing milih tumindak jahat. Mula, donya iki kebak kasusahan. Kelakuané manungsa sing jahat kuwi nggawé lara atiné Yéhuwah.​—Wacanen Purwaning Dumadi 6:5, 6.

Yéhuwah nresnani manungsa lan kepéngin manungsa kepénak uripé. Ora suwé manèh, kasusahan lan wong jahat bakal ora ana. Nanging, saiki kasusahan isih ana ing donya iki. Apa sebabé Gusti Allah durung tumindak? Jawabané ana ing Bab 8 buku iki.​—Wacanen 2 Pétrus 2:9; 3:7, 13.

5. Kepriyé carané bisa cedhak karo Gusti Allah?

Yéhuwah nggatèkaké saben manungsa, mula Yéhuwah kepéngin manungsa ndonga. Kuwi carané supaya bisa cedhak karo Yéhuwah. (Masmur 65:2; 145:18) Yéhuwah iku sugih pangapura. Sanadyan manungsa kerep nggawé salah, Yéhuwah seneng yèn manungsa nindakaké sing bener. Awaké dhéwé tetep bisa dadi kancané Yéhuwah sanadyan awaké dhéwé durung bisa nuruti kabèh kersané.​—Wacanen Masmur 103:12-14; Yakobus 4:8.

Awaké dhéwé kudu luwih nresnani Yéhuwah tinimbang liyané merga Yéhuwah iku sing nggawé urip. (Markus 12:30) Yèn tresna karo Gusti Allah, awaké dhéwé kudu sinau bab Gusti Allah lan nindakaké kersané. Yèn kuwi mau wis dilakoni, awaké dhéwé bisa luwih cedhak karo Gusti Allah.​—Wacanen 1 Timotius 2:4; 1 Yohanes 5:3.