Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Saran-Saran ing Alkitab kanggo sing Kena Bencana Alam

Saran-Saran ing Alkitab kanggo sing Kena Bencana Alam

 Apa njenengan tau kena bencana alam? Bencana alam kuwi ana macem-macem. Misalé, angin topan lan tornado isa marahi banjir. Badai isa marahi tanah longsor, terus nèk ana petiré isa marahi kebakaran hutan. Conto liyané kekeringan, cuaca panas, lan badai salju.

 Ing endi-endi, bencana alam kuwi tambah parah lan saya sering kelakon. Ana laporan saka Federasi Internasional Perhimpunan Palang Merah dan Bulan Sabit Merah, ”Merga bencana alam kaya banjir, badai, lan kekeringan saya akèh, korbané ya dadi saya akèh. Akèh sing mati, kélangan gawéan, lan omahé ya hancur.”

 Akibaté, wong-wong kuwi dadi sedhih. Terus, ya ana sing trauma merga kélangan gawéan, kélangan omahé, lan ditinggal mati keluargané.

 Ing Alkitab ana harapan, naséhat, lan bantuan kanggo wong-wong sing kena bencana alam. (Roma 15:4) Ing Alkitab ya ana jawaban saka pertanyaan, ’Ngapa kok Gusti Allah meneng waé nèk ana bencana? Apa iki hukuman saka Gusti Allah?’

Bencana alam dudu hukuman saka Gusti Allah

 Ing Alkitab dijelaské nèk sing nggawé manungsa susah kuwi dudu Gusti Allah. Menurut Alkitab, ”Gusti Allah ora isa diuji nganggo apa sing jahat, lan Dhèwèké ya ora nguji sapa waé nganggo apa sing jahat.” (Yakobus 1:13) Kuwi berarti dudu Gusti Allah sing nyebabké bencana alam.

 Mémang, mbiyèn Gusti Allah tau ngukum wong jahat nganggo bencana alam. Contoné pas jaman Nuh. Tapi, Gusti Allah ngandhani sik nèk mengko bakal ana banjir, terus ya ngandhani alesané ngapa Dhèwèké nggawé banjir kuwi, lan Gusti Allah ya nglindhungi Nuh lan keluargané. (Purwaning Dumadi 6:13; 2 Pétrus 2:5) Nah, bencana alam saiki ora kaya ngono, soalé kelakoné tiba-tiba lan sing kena ora mung wong sing jahat tapi ya wong sing apik.

 Ing artikel ”Apa Kata Alkitab tentang Bencana Alam?” ana bukti-bukti nèk bencana alam dudu hukuman saka Gusti Allah.

Gusti Allah perduli karo sing kena bencana alam

 Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah a kuwi Gusti Allah sing perduli. Wacanen ayat-ayat iki:

  •   Yésaya 63:9: ”[Gusti Allah] susah wektu wong-wong kuwi susah.”

     Artiné: Yéhuwah sedhih wektu ana wong-wong sing susah.

  •   1 Pétrus 5:7: ”Dhèwèké perduli karo kowé.”

     Artiné: Yéhuwah nggatèkké njenengan.

 Merga perduli, Yéhuwah gelem mbantu. Dhèwèké menghibur liwat naséhat sing ana ing Alkitab. Terus, ya ana harapan nèk sukmbèn ora bakal ana bencana alam manèh.​—2 Korintus 1:3, 4.

Sukmbèn ora bakal ana bencana alam manèh

 Yéhuwah janji nèk njenengan ”isa nduwé masa depan lan harapan.” (Yérémia 29:11) Kabèh wong bakal urip ing bumi sing apik, lan wis ora ana bencana alam.​—Purwaning Dumadi 1:28; 2:15; Yésaya 32:18.

 Kuwi bakal kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah sing rajané Yésus. (Matius 6:10) Yésus ngerti carané lan isa ngendhegké bencana alam. Mbiyèn wektu ing bumi, Yésus tau ngendhegké badai. (Markus 4:37-41) Dhèwèké ya bakal ngandhani manungsa piyé carané ngrawat bumi. (Yésaya 11:2) Mengko ora bakal ana manèh bencana alam.

 Tapi, kelakoné kapan? Jawabané ana ing artikel ”Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?

Carané ngadhepi bencana alam

 Ing Alkitab ana saran kanggo njenengan.

  •   Sakdurungé bencana: Kudu siap sik.

     Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, Ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.”​—Wulang Bebasan 22:3.

     Artiné: Mikirké bencana apa sing mungkin kelakon ing panggonané njenengan.

     Pengalaman: ”Pas ana kebakaran hutan, kami wis siap merga kami wis nduwé tas bencana sing isiné klambi lan obat-obatan. Wong-wong padha panik, tapi kami ora. Kami bersyukur banget merga wis siap.”​—Tamara, Kalifornia, Amerika Serikat.

  •   Pas bencana: Ngutamakké sing luwih penting.

     Ayat: ”Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”​—Lukas 12:15.

     Artiné: Nyawané njenengan luwih penting ketimbang harta.

     Pengalaman: ”Pas ana Topan Lawin, b omahku hancur. Aku mung isa ndonga karo Yéhuwah. Meskipun ora nduwé apa-apa manèh, aku bersyukur aku isih urip.”​—Leslie, Filipina.

  •   Sakwisé bencana: Aja terlalu kuwatir.

     Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé.”​—Matius 6:34.

     Artiné: Aja terus-terusan kuwatir.

     Pengalaman: ”Bar ana Badai Irma, omahku banjir. Aku dadi sibuk banget, terus akhiré strès. Tapi, akhiré aku dadi ora terlalu kuwatir manèh merga naséhat ing Alkitab lan merga dibantu Yéhuwah.”​—Sally, Florida, Amerika Serikat.

 Nèk péngin ngerti saran-saran liyané, wacanen artikel ”Cara Agar Bisa Selamat Saat Terjadi Bencana”.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

b Jeneng liyané yaiku Topan Haima.