Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

3 Mbantu Ngadhepi Masalah

3 Mbantu Ngadhepi Masalah

Ana masalah sing ora isa dirampungi ning kudu diadhepi. Contoné, nèk panjenengan ditinggal mati wong sing ditresnani utawa ngalami penyakit sing parah. Panjenengan isa waé ora nduwé pilihan liya ning kudu ngadhepi kuwi. Apa Alkitab isa mbantu ing kahanan kaya ngono?

PENYAKIT SING PARAH

Rose kandha, ”Aku ngalami kelainan genetis sing marahi aku dadi kerep ngrasakké lara sing nemen. Uripku dadi susah.” Tantangan sing paling gedhé yaiku ora isa fokus wektu sinau Alkitab lan nindakké bab-bab rohani liyané. Matéus 19:26 mbantu Rose ngadhepi masalahé, isiné ayat kuwi, ”Mungguhing Allah samubarang kabèh bisa kalakon.” Rose ngerti nèk ana cara liya kanggo sinau. Dhèwèké ngrungokké rekaman Alkitab lan wacan-wacan Alkitab. * Rose kandha, ”Tanpa sarana kuwi, aku ora isa njaga hubunganku karo Yéhuwah tetep cedhak.”

Wektu Rose sedhih merga ora isa nindakké bab-bab sing mbiyèn isa ditindakké, dhèwèké éling ayat sing nentremké ati ing 2 Korinta 8:12, isiné ayat kuwi, ”Nèk wong mènèhi kanthi tulus, Gusti Allah bakal bungah, merga Panjenengané péngin supaya wong mènèhi miturut apa sing diduwèni, dudu miturut apa sing ora diduwèni.” (Terjemahan Dunia Baru) Saka ayat kuwi Rose ngerti nèk Gusti Allah seneng karo apa sing ditindakké, merga Rose nindakké sak isa-isané senajan nduwé kelainan genetis.

WEKTU SING DITRESNANI MATI

Sophia sing disebutké sakdurungé kandha, ”Sakwisé anakku sing umuré 18 taun mati, aku sedhih banget nganti rasané arep mati waé merga kahanané ora isa kaya mbiyèn manèh.” Jabur 94:19 nentremké atiné Sophia, isiné ayat kuwi, ”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.” Sophia kandha, ”Aku ndonga marang Yéhuwah kanggo mbantu aku nemokké bab-bab sing isa ngurangi rasa sedhihku.”

Sophia dadi sukarélawan. Dhèwèké madhakké kahanané kaya krayon sing dinggo bocah-bocah nggambar. Senajan tugel, krayoné isih isa digunakké kanggo nggambar. Semono uga, senajan Sophia ngrasa nglokro dhèwèké tetep isa mbantu sing liyané. Dhèwèké kandha, ”Aku mbantu sing sinau Alkitab karo aku nganggo ayat-ayat sing isa nentremké atiné lan aku sadhar jebulé iki carané Yéhuwah nglipur lan nentremké atiku.” Sophia nggawé daftar wong-wong ing Alkitab sing tau ngrasakké ditinggal mati wong sing ditresnani. Dhèwèké kandha, ”Kabèh wong sing ana ing daftar kuwi padha ndonga.” Mula, Sophia isa ngadhepi masalahé merga sinau Alkitab.

Sinau Alkitab mbantu Sophia terus mikirké masa depan. Pengarep-arep ing Para Rasul 24:15 nglipur Sophia, isiné ayat kuwi, ”Badhé wonten patangènipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.” Apa Sophia yakin tenan nèk anaké bakal diuripké manèh karo Yéhuwah? Sophia kandha, ”Aku mbayangké ketemu manèh karo anakku, kaya-kaya wis janjian ing wektu sing wis ditemtokké karo Gusti Allah. Aku lan anakku isa bareng-bareng ing taman, kuwi kétok nyata banget kanggoku.”

^ par. 4 Ana rekaman Alkitab lan wacan-wacan Alkitab ing situs jw.org.

Alkitab isa mbantu lan nglipur panjenengan wektu ngalami masalah sing abot