Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Piyé Carané Bèn Dongané Awaké Dhéwé Dirungokké karo Gusti Allah?

Piyé Carané Bèn Dongané Awaké Dhéwé Dirungokké karo Gusti Allah?

Gusti Allah Yéhuwah kuwi sing ”midhangetaken [utawa, ngrungokké] pandonga”. (Jabur 65:3) Awaké dhéwé isa ndonga ing endi waé lan kapan waé. Awaké dhéwé ya isa ndonga ing njero ati utawa nganggo swara. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyebut Dhèwèké kuwi ’Bapak’, lan Yéhuwah kuwi pancèn Bapak sing paling apik. (Matius 6:9) Yéhuwah mulang carané bèn dongané awaké dhéwé dirungokké karo Dhèwèké.

NDONGA MARANG GUSTI ALLAH YÉHUWAH LIWAT JENENGÉ YÉSUS

”Nèk kowé nyuwun apa waé marang Bapak nganggo jenengku, Panjenengané bakal maringké kuwi marang kowé. ” —Yohanes 16:23.

Yésus nduduhké nèk Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ndonga liwat patung, santo, malaékat, utawa wong mati. Awaké dhéwé kudu ndonga liwat jenengé Yésus merga Yésus wis nggawé akèh pengorbanan kanggo awaké dhéwé. Yésus kandha, ”Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.”​—Yohanes 14:6.

NDONGA SING TULUS SAKA ATI

”Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsané.”—Jabur 62:9.

Wektu ndonga marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngomong kaya karo bapaké dhéwé. Wektu ndonga aja maca saka buku utawa mbolan-balèni apa sing wis diapalké. Awaké dhéwé kudu ngajèni Gusti Allah lan ndonga sing tulus saka ati.

DONGA SING COCOG KARO KEPÉNGINANÉ GUSTI ALLAH

”Nèk kita ndonga nyuwun apa waé sing cocog karo kersané Gusti Allah, Panjenengané mirengké kita.”—1 Yohanes 5:14.

Ing Alkitab, Yéhuwah ngandhani apa sing bakal Dhèwèké tindakké kanggo awaké dhéwé lan apa sing kudu awaké dhéwé tindakké kanggo Dhèwèké. Bèn isa ditampa, dongané awaké dhéwé kudu ”cocog karo kersané Gusti Allah”. Mula, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab bèn isa ngerti kepénginané Gusti Allah. Nèk nindakké kuwi, donga-dongané awaké dhéwé bakal nyenengké Gusti Allah.

AWAKÉ DHÉWÉ ISA NDONGAKKÉ APA?

Ndonga Bèn Kebutuhané Dicukupi.Awaké dhéwé isa njaluk bèn Gusti Allah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé, yaiku panganan, pakaian, lan panggonan. Awaké dhéwé ya ndonga bèn isa nggawé keputusan sing bener lan bèn kuwat ngadhepi masalah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé isa njaluk ngapura, njaluk bantuan, lan njaluk bèn nduwé iman sing kuwat karo Gusti Allah.​—Lukas 11:3, 4, 13; Yakobus 1:5, 17.

Ndongakké Liyané. Wong tuwa mesthi seneng nèk anak-anaké nggatèkké wong liya. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nggatèkké wong liya. Awaké dhéwé isa ndongakké pasangan, anak, keluarga, lan kanca-kanca. Rasul Yakobus nulis nèk awaké dhéwé kudu ”ndonga kanggo siji lan sijiné”.​—Yakobus 5:16.

Ngucap Syukur. Alkitab kandha, ”Panjenengané dhéwé . . . nindakké apa sing apik, yaiku maringi kowé kabèh udan lan musim panèn, uga maringi kowé panganan sing lubèr lan nggawé atimu seneng.” (Kisah 14:17) Mikirké kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah kanggo awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé péngin ngucap syukur marang Gusti Allah liwat donga. Tumindaké awaké dhéwé saben dina kudu nduduhké nèk awaké dhéwé bersyukur marang Gusti Allah.​—Kolose 3:15.

SABAR LAN TERUS NDONGA

Kadhang, awaké dhéwé isa ngrasa kecéwa merga ora langsung éntuk jawaban padahal wis tulus ndonga. Apa kuwi berarti Gusti Allah ora perduli karo awaké dhéwé? Ora ngono. Gatèkna pengalaman-pengalaman iki sing nduduhké pentingé terus ndonga.

Eko sing dicritakké ing artikel pertama ngakoni, ”Nèk aku ora terus ndonga, aku mesthi wis putus asa.” Merga sinau Alkitab, Eko dadi ngerti nèk dhèwèké kudu terus ndonga. Eko kandha, ”Aku bersyukur banget merga Gusti Allah wis ndhukung aku liwat kanca-kancaku. Saiki, aku ngrasa bahagia banget.”

Sri sing ngrasa nèk dongané ora pantes dirungokké Gusti Allah kandha, ”Wektu aku ngrasa ora ana gunané, aku takon karo Gusti Allah ngapa aku ngrasa kaya ngéné.” Apa sing mbantu dhèwèké? ”Ndonga marang Gusti Allah mbantu aku ngerti piyé pandangané Gusti Allah soal aku. Aku dadi ngerti nèk Gusti Allah nganggep aku berharga. Kuwi sing nggawé aku ora nyerah wektu ngrasa cilik ati. Saiki, aku dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah, Bapak, lan kanca sing nyata lan perduli karo aku. Nèk aku terus manut Gusti Allah, Dhèwèké ya bakal terus mbantu aku.”

”Aku ngerti nèk anakku kuwi jawaban saka donga-dongaku.” Kuwi kandhané Isabel wektu ndelok anaké sing jenengé Gerard isa bahagia senajan cacad

Gatèkna pengalamané Isabel. Wektu dhèwèké hamil, dokteré kandha nèk mengko anaké bakal cacad. Isabel ngrasa sedhih banget. Malah, ana sing nyaranké bèn aborsi waé. Dhèwèké kandha, ”Rasané péngin mati waé.” Ning, bar kuwi dhèwèké kandha, ”Aku terus-terusan ndonga njaluk bantuané Gusti Allah.” Akhiré, anaké sing jenengé Gerard lair, lan dhèwèké cacad. Isabel ngrasa nèk dongané dijawab karo Gusti Allah. Isabel kandha, ”Anakku saiki umuré wis 14 taun. Senajan cacad, dhèwèké isa tetep bahagia. Kuwi bukti nèk anakku kuwi jawaban saka donga-dongaku lan berkah sing paling berharga saka Yéhuwah.”

Pengalaman-pengalaman kuwi ngélingké awaké dhéwé karo kata-katané sing nulis buku Jabur, ”Dhuh Yéhuwah, pepénginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken. Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling [utawa, ngrungokké].” (Jabur 10:17) Kuwi sing nggawé awaké dhéwé péngin terus ndonga marang Gusti Allah.

Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti donga-dongané Yésus. Sing paling terkenal kuwi donga sing diwulangké Yésus karo murid-muridé. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka donga kuwi?