Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?

1 | Aja Mbédak-mbédakké

1 | Aja Mbédak-mbédakké

Naséhat ing Alkitab:

”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​KISAH 10:34, 35.

Maksudé

Yéhuwah * ora mbédak-mbédakké wong menurut bangsané, sukuné, werna kulité, utawa budayané. Sing digatèkké Yéhuwah kuwi sipat-sipaté wong. Ing Alkitab disebutké, ”Manungsa mung ndelok apa sing kétok, ning Yéhuwah ndelok piyé atiné.”​—1 Samuèl 16:7.

Ngetrapkéné Piyé?

Meskipun ora isa ngerti isi atiné wong, ning awaké dhéwé tetep isa niru Gusti Allah sing ora mbédak-mbédakké. Aja ora seneng sik karo wong mung merga wong kuwi saka kelompok tertentu. Tapi kudu berusaha bèn isa kenal wongé. Lha terus, piyé nèk isih nduwé perasaan ora seneng karo wong sing béda suku utawa negara? Isa ndonga njaluk bantuané Gusti Allah bèn ora nduwé perasaan kaya ngono manèh. (Mazmur 139:23, 24) Nèk tenanan ndonga, Yéhuwah mesthi ngrungokké lan mbantu njenengan bèn ora seneng mbédak-mbédakké.​—1 Pétrus 3:12.

^ par. 6 Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

”Aku durung tau isa rukun karo wong kulit putih . . . Saiki, aku nduwé sedulur-sedulur seiman sak donya sing kaya keluarga.”​—TITUS