Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?

4 | Njaluk Kekuwatan saka Gusti Allah

4 | Njaluk Kekuwatan saka Gusti Allah

Naséhat ing Alkitab:

”Wong sing dituntun roh suci bakal nduwé katresnan, bahagia, tentrem, sabar, apikan, nindakké apa sing bener, nduwé iman, nduwé watak sing alus, lan isa ngendhalèni dhiri.”GALATIA 5:22, 23.

Maksudé

Bèn ora nduwé rasa sengit manèh, kudu njaluk kekuwatan saka Gusti Allah. Soalé ora mungkin isa nèk nganggo kekuwatané dhéwé. Roh suci kuwi kekuwatané Gusti Allah. Nèk Gusti Allah mènèhi roh suciné, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat apik sing kétoké mustahil diduwèni. Paulus wis mbuktèkké dhéwé, mulané dhèwèké ngomong, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.” (Filipi 4:13) Ing Alkitab ya disebutké, ”Yéhuwah sing bakal nulungi aku.”​—Mazmur 121:2.

Ngetrapkéné Piyé?

”Yéhuwah sing nggawé aku dadi wong sing apik lan ora kasar manèh.”​—WALDO

Ndonga tenanan karo Yéhuwah, njaluk roh suciné, lan njaluk dibantu bèn nduwé sipat-sipat sing apik. (Lukas 11:13) Golèkana keterangan ing Alkitab soal sipat-sipat sing isa marakké ora sengit manèh. Misalé sabar, ora gampang nesu, ora seneng padu, lan sayang karo wong liya. Terus, berupaya ngetrapké sipat-sipat kuwi. Bergaulé ya kudu karo wong sing berupaya ngetrapké sipat-sipat kuwi. Hasilé, awaké dhéwé isa dadi ”saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik”.​—Ibrani 10:24.