Langsung mlebu

Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Hormat Bendéra utawa Nyanyi Lagu Kebangsaan?

Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Hormat Bendéra utawa Nyanyi Lagu Kebangsaan?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni pamréntah lan ora ngrèmèhké lambang negara. Seksi-Seksi Yéhuwah ya menghargai nèk ana wong sing hormat bendéra utawa nyanyi lagu kebangsaan.

 Tapi Seksi-Seksi Yéhuwah ora hormat bendéra lan nyanyi lagu kebangsaan, soalé kuwi ora cocog karo sing diajarké ing Alkitab. Kami seneng nèk wong-wong menghargai kepercayaané kami.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Pathokan ing Alkitabé apa?

 Ana loro:

  •   Mung Gusti Allah sing kudu disembah. Ing lagu kebangsaan biasané isi liriké kuwi janji nèk bakal ngabdi karo negara. Padahal menurut Alkitab, ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.” (Lukas 4:8) Makané, Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu nyanyi lagu kebangsaan.

     Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem hormat bendéra soalé kuwi padha waé karo nyembah. (1 Korintus 10:14) Ana ahli sejarah sing ya ngomong nèk hormat bendéra kuwi padha karo nyembah. Misalé Carlton J. H. Hayes ngomong, ”Bendéra kuwi dadi lambang lan obyèk pemujaan nasionalisme.” a Terus penulis Daniel P. Mannix ngomong, ”Wong-wong sing ora gelem hormat bendéra kuwi padha kaya wong Kristen jaman mbiyèn sing ora gelem ngekèki persembahan kanggo malaékat pelindhungé kaisar Romawi.” b

    Meskipun ora gelem hormat bendéra, Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora ngrusak utawa ngobong bendéra. Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrèmèhké lambang negara.

  •   Gusti Allah ora mbédak-bédakké wong. (Kis 10:34, 35) Ing Alkitab ya ditulis, ”Saka wong siji, [Gusti Allah] nggawé kabèh bangsa.” (Kisah 17:26) Makané Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora ngunggul-unggulké bangsa utawa negara tertentu. Kami ngajèni kabèh wong ora soal saka suku utawa negara endi.​—1 Pétrus 2:17.

 Piyé nèk dikon mèlu upacara utawa nyanyi lagu kebangsaan?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora nglawan pamréntah soalé kuwi ”pengaturané Gusti Allah”. (Roma 13:1-7) Makané Seksi-Seksi Yéhuwah gelem manut karo pamréntah.​—Lukas 20:25.

 Tapi, piyé nèk peraturané pamréntah ora sesuai karo sing dikarepké Gusti Allah? Kadhang-kadhang awaké dhéwé isa waé njaluk karo pamréntah bèn peraturané kuwi disesuaikké. c Tapi nèk ora isa, Seksi-Seksi Yéhuwah pilih luwih manut karo ”Gusti Allah dudu manungsa”.​—Kisah 5:29.

 Apa Seksi-Seksi Yéhuwah nduwé ajaran dhéwé?

 Ora. Mémang Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem hormat bendéra lan nyanyi lagu kebangsaan. Tapi kuwi ora merga Seksi-Seksi Yéhuwah nduwé ajaran dhéwé soal kuwi. Seksi Yéhuwah mung manut karo sing diajarké ing Alkitab.

a Essays on Nationalism, halaman 107-108.

b The Way of the Gladiator, halaman 212.