Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya Yèn Agamané sing Paling Bener?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya Yèn Agamané sing Paling Bener?

 Wong-wong sing yakin karo agamané mesthi nganggep agama sing dipilih kuwi cocog karo kersané Gusti Allah. Yèn ora, kena apa milih agama kuwi?

 Miturut Yésus, ora kabèh agama utawa dalan bisa nylametaké wong. Yésus kandha, ”Ciyut lawangé lan rupid dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.” (Matéus 7:14) Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn wis nemokaké dalan sing bener kuwi. Yèn ora, mesthi wis milih agama liya.