Langsung mlebu

Apa Sebabé Dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah?

Apa Sebabé Dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah?

 Yéhuwah kuwi asmané Gusti Allah ing Alkitab. (Pangentasan 6:2; Jabur 83:19) Seksi kuwi wong sing nyritakaké apa sing bener lan sing dipercayani.

 Mula, jeneng Seksi-Seksi Yéhuwah nduduhaké yèn kuwi sakelompok wong Kristen sing nyritakaké apa sing bener bab Yéhuwah, Sing Nggawé Urip. (Wahyu 4:11) Supaya wong-wong bisa ngerti bab Yéhuwah, Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya nduduhaké tumindak sing ngluhuraké Yéhuwah lan mbagi apa sing wis disinau saka Alkitab.—Yésaya 43:10-12; 1 Pétrus 2:12